Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 16:21-29 Kitab Sutji (JAV)

21. Mungguh wong wadon samasa lagi nglarani, iku ngrasakake susah, nanging samasa wus nglairake bayine, wus ora kelingan maneh marang larane, marga saka bungahe dene ana manungsa kalairake ing donya.

22. Mangkono uga kowe samengko iya padha nandhang susah, nanging Aku bakal nemoni kowe maneh temahan bakal padha bungah atimu lan ora ana wong siji-sijia kang bisa ngilangake kabungahnmu iku.

23. Lan ing dina iku kowe ora bakal padha miterang apa-apa marang Aku. Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sabarang kang koksuwun marang Sang Rama, iku bakal kaparingake atas jenengKu.

24. Nganti saprene kowe durung tau nyuwun apa-apa atas saka jenengKu. Padha nyenyuwuna, kowe mesthi bakal padha kaparingan supaya sampurnaa kabungahanmu.

25. PituturKu marang kowe iku mau kabhe adhapur pasemon. Bakal ana wektune anggonKu mituturi kowe ora adhapur pasemon maneh, nanging sabarese bae anggonKu martani kowe mungguh Sang Rama.

26. Ing dina iku kowe bakal padha nyenyuwun atas saka jenengKu. Lan ora Daktuturake marang kowe, yen Aku kang bakal nyuwunake kowe marang Sang Rama,

27. awitdene Sang Rama piyambak ngasihi kowe, marga kowe wus padha tresna marang Aku, lan pracaya yen Aku iki pinangkane saka ing Allah.

28. Aku mijil saka Sang Rama, lan wus teka ing donya; Aku ninggal donya maneh sarta bali menyang ing ngarsane Sang Rama.”

29. Unjuke para sakabate: “Lah, sapunika pangandika Paduka sabaresipun kemawon, sampun boten adhapur pasemon.

maca bab lengkap Yokanan 16