Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 16:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. “Kabeh iku Daktuturake marang kowe, supaya kowe aja padha kacuwan lan nampik marang Aku.

2. Kowe bakal padha disebratake, malah bakal tumeka ing wektune saben wong kang mateni kowe, padha rumangsa yen saos pangabekti marang Gusti Allah.

3. Wong-wong iku tumindak mangkono, awit ora padha wanuh marang Sang Rama lan uga ora wanuh marang Aku.

4a. Nanging kabeh iki Daktuturake marang kowe, supaya manawa tekan ing titimangsane kowe padha eling, yen kowe wus padha Dakkandhani.”

4b. “Prakara iki ora Daktuturake marang kowe saka wiwitan mula, awit nganti saiki Aku isih tetunggalan karo kowe,

5. nanging saiki Aku lunga menyang ing ngarsane Panjenengane kang wus ngutus Aku, lan panunggalanmu ora ana kang takon marang Aku: Paduka tindak dhateng pundi?

6. Ananging marga kowe padha Dakkandhani bab iku mau, temah atimu sedhih.

7. Nanging kang Dakpituturake marang kowe iki bener: Luwih maedahi marang kowe, manawa Aku lunga. Jalaran manawa Aku ora lunga, Sang Juru Panglipur iku ora bakal ngrawuhi kowe, nanging manawa Aku lunga, Sang Juru Panglipur Dakutus marang kowe.

8. Dene iku sarawuhe, bakal ngyakinake marang jagad bab dosa, bab kayekten, lan bab pangadilan;

9. bab dosa, amarga padha tetep ora pracaya marang Aku.

10. Bab kayekten, awit Aku lunga marang ing ngarsane Sang Rama lan kowe padha ora ndeleng Aku maneh;

11. bab pangandilan, amarga panggedhene jagad iki wus diadili.

maca bab lengkap Yokanan 16