Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 13:19-30 Kitab Sutji (JAV)

19. Samengko kowe padha Daktuturi sadurunge bab iku kalakon, supaya manawa bab iku kalakon, kowe padha pracaya, yen iya Aku iki Panjenengane.

20. Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sing sapa nampani wong kang Dakutus, iku nampani Aku, lan sapa kang nampani Aku, iku nampani Panjenengane kang ngutus Aku.”

21. Sawuse Gusti Yesus ngandika mangkono, Panjenengane banget trenyuh ing galih, sarta banjur paring paseksen mangkene: “Satemen-temene pituturKu marang kowe: Wong siji panunggalanmu bakal ngulungake Aku.”

22. Para sakabat tumuli padha pandeng-pandengan, kanthi melang-melang, sapa kang dipangandikake iku.

23. Sawijining sakabate, iya iku sakabat kang dikasihi dening Gusti Yesus, lungguh sendhen sandhing Panjenengane, ing sisih tengene,

24. iku disasmitani dening Simon Petrus sarta dicalathoni: “Nyuwuna pirsa sapa kang dipangandikakake iku.”

25. Sakabat kang lungguh cedhak Gusti Yesus mau tumuli noleh sarta matur marang Gusti Yesus: “Gusti, sinten tiyangipun?”

26. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Wonge iya iku kang bakal Dakwenehi roti sawuse Dakcelupake.” Sawuse ngandika mangkono, banjur mundhut roti sarta kacelupake tumuli kaparingake marang Yudas anake Simon Iskariot.

27. Lan sawuse nampani roti iku, Yudas tumuli kapanjingan Iblis. Gusti Yesus tumuli ngandika marang dheweke: “Apa kang dadi sedyamu iku enggal tindakna!”

28. Ananging ora ana wong siji-sijia ing antarane para sakabat kang padha kembulan iku kang mangreti, apa karsane Gusti Yesus ngandika mangkono marang Yudas iku.

29. Sarehne Yudas kang nyekel kas, ana kang duwe pangira manawa Gusti Yesus ngutus Yudas tuku apa-apa kang prelu kanggo riyaya iku, utawa didhawuhi dedana marang wong miskin.

30. Yudas nampani roti iku banjur enggal-enggal lunga. Nalika iku wayahe wis wengi.

maca bab lengkap Yokanan 13