Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 12:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Nalika Paskah kurang nem dina, Gusti Yesus rawuh ing Betania panggonane Lazarus kang wus ditangekake saka ing antarane wong mati.

2. Ana ing kono Panjenengane kasugata dhahar lan Marta ngladeni, dene Lazarus iku panunggalane kang ndherek kembulan karo Gusti Yesus.

3. Maryam banjur njupuk lenga jebad nared tulen kang akeh ajine, bobote satengah kati, banjur dijebadake ing sampeyane Gusti Yesus, tumuli diusapi kalawan rambute. Ing sajroning omah kabeh kongsi kebak gandane jebad mau.

4. Nanging sawijining sakabate Gusti Yesus kang aran Yudas Iskariot, kang bakal ngulungake Panjenengane, banjur ngucap:

5. “Yagene lenga jebad iku ora diedol telung atus dinar, banjur didanakake marang para wong miskin?”

6. Ujare kang mangkono iku ora marga dheweke iku mikirake wong miskin, nanging awit ambeke culika, dheweke kerep nylingkuhake dhuwit kang dicekel.

7. Gusti Yesus tumuli ngandika: “Nengna bae dheweke tumindak mangkono, iku kacadhangake kanggo ing dinane anggonKu kakubur.

maca bab lengkap Yokanan 12