Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 11:45-57 Kitab Sutji (JAV)

45. Wong-wong Yahudi kang nglayad menyang omahe Maryam lan meruhi pandamele Gusti Yesus mau, akeh kang manjing pracaya marang Panjenengane.

46. Nanging ana saweneh kang padha nemoni para wong Farisi, banjur martakake pandamele Gusti Yesus mau.

47. Para pangarepe imam lan para wong Farisi tumuli padha ngaturi marepat pradataning agama, banjur padha rembugan mangkene: “Punapa ingkang kedah kita tindakaken, jalaran Tiyang punika damel mukjijat kathah?

48. Manawi makaten punika dipun uja, mesthi sadaya tiyang sami pitados, dhateng Piyambakipun, sarta kita lajeng sami kalurugan tiyang Rum sami ngrebat papan suci kita dalah bangsa kita pisan.”

49. Nanging sawijining panunggalane, iya iku kang asma Kayafas, kang jumeneng imam agung ing taun iku, banjur ngandika: “Panjenengan kok sami boten mangretos punapa-punapa,

50. lan boten sami nggalih bilih langkung maedahi tumrap panjenengan, manawi wonten tiyang satunggal pejah kangge tiyang kathah, tinimbang tiyang sabangsa sadaya tiwas.”

51. Anadene pangandika kang mangkono iku ora tumuwuh saka panggalihe piyambak, nanging marga jumeneng imam agung ing taun iku, dadine medhar pameca, yen Gusti Yesus bakal nglampahi seda kanggo bangsa iku,

52. lan ora ngemungake kanggo bangsa iku bae, malah uga supaya putraning Allah kang pating slebar padha dikumpulna dadi siji.

53. Wiwit ing dina iku para warganing pradata mau padha sarujuk bakal nyedani Gusti Yesus.

54. Marga saka iku Gusti Yesus wus ora ngedheng maneh ana ing antarane wong-wong Yahudi, sarta banjur tedhak saka ing kono menyang tanah sacedhake pasamunan njujug ing kutha kang aran Efraim, banjur lereb ana ing kono karo para sakabate.

55. Nalika samana Paskahe wong Yahudi wus cedhak, lan wong-wong ing kutha kono akeh kang padha menyang ing Yerusalem, arep padha sesuci, sadurunge Paskah iku.

56. Wong-wong mau padha nggoleki Gusti Yesus, sarta kalawan ngadeg ana ing Padaleman Suci, padha sapocapan: “Pandugamu kapriye, apa kirane Dheweke ora bakal nekani riyaya?”

57. Anadene para pangarepe imam lan para wong Farisi wus padha ndhawuhake prentah, manawa ana wong kang weruh panggonane, tumuli ngaturana uninga supaya kenaa kacepeng.

maca bab lengkap Yokanan 11