Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 11:30-47 Kitab Sutji (JAV)

30. Nalika iku Gusti Yesus durung lumebet ing desa, isih ana ing papan nalika Marta methuk mau.

31. Bareng wong-wong Yahudi kang padha ana ing omah karo Maryam prelu nglipur weruh Maryam mak nyat ngadeg sarta metu, tumuli padha ngetutake, dikira yen Maryam arep menyang kuburan, nanging ana ing kono.

32. Satekane Maryam ing panggonane Gusti Yesus, bareng weruh marang Panjenengane, banjur nyungkemi sampeyane sarta munjuk: “Gusti, upami Paduka wonten ing ngriki, sadherek kawula mesthi boten saestu pejah.”

33. Bareng Gusti Yesus pirsa Maryam nangis, mangkono uga wong Yahudi kang padha ngetutake, temah rengu ing panggalih. Panjenengane trenyuh banget lan tumuli ngandika:

34. “Anggonmu ngubur ana ing ngendi?” Kang kadangu banjur munjuk: “Sumangga Gusti, kawula aturi mirsani!”

35. Gusti Yesus muwun.

36. Calathune wong-wong Yahudi: “Delengen, samono anggone ngasihi!”

37. Nanging ana saweneh kang muni: “Panjenengane kang wis ngelekake mripate wong wuta, apa iya ora bisa murungake patine wong iki?”

38. Gusti Yesus tumuli rengu maneh sajroning panggalih, banjur nyelaki kuburan, kang adhapur guwa ditutupi watu.

39. Pangandikane Gusti Yesus: “Watune singkirna!” Marta, sadulure kang ngajal mau, munjuk: “Gusti, sampun mambet, amargi anggenipun pejah sampun sakawan dinten.”

40. Pangandikane Gusti Yesus: “Apa Aku ora wus tutur marang kowe: Angger kowe pracaya mesthi bakal weruh kamulyaning Allah?”

41. Watune tumuli disingkirake. Gusti Yesus banjur tumenga sarta matur: “Dhuh Rama, Kawula saos sokur dhumateng Paduka, dene Paduka sampun nyembadani dhateng Kawula.

42. Kawula sumerep, bilih Paduka tansah nyembadani dhateng Kawula. Nanging unjuk Kawula makaten punika margi tiyang kathah samu ngrubung Kawula, supados sami pitados bilih Paduka ingkang ngutus Kawula.”

43. Sawuse matur mangkono tumuli nguwuh kalawan swara sora: “Lazarus, metua!”

44. Kang mati banjur metu, tangan lan sikile isih kablebed ing ules, lan raine katutupan ing kacu. Pangandikane Gusti Yesus: “Uculana ulese, kareben lunga!”

45. Wong-wong Yahudi kang nglayad menyang omahe Maryam lan meruhi pandamele Gusti Yesus mau, akeh kang manjing pracaya marang Panjenengane.

46. Nanging ana saweneh kang padha nemoni para wong Farisi, banjur martakake pandamele Gusti Yesus mau.

47. Para pangarepe imam lan para wong Farisi tumuli padha ngaturi marepat pradataning agama, banjur padha rembugan mangkene: “Punapa ingkang kedah kita tindakaken, jalaran Tiyang punika damel mukjijat kathah?

maca bab lengkap Yokanan 11