Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 11:22-34 Kitab Sutji (JAV)

22. Nanging sapunika ugi, kawula mangretos, bilih punapa ingkang Paduka suwun dhateng Gusti Allah, Gusti Allah mesthi badhe nyembadani.”

23. Pangandikane Gusti Yesus: “Sadulurmu bakal tangi maneh.”

24. Unjuke Marta: “Kawula inggih mangretos bilih badhe tangi benjing ing dinten patangen, ing wekasaning jaman.”

25. Gusti Yesus tumuli ngandika: “Iya Aku iki patangen lan kauripan. Sing sapa pracaya marang Aku bakal urip, sanadyan wus mati.

26. Lan sok wonga kang urip sarta pracaya marang Aku, iku ora bakal mati ing salawas-lawase. Kowe apa pracaya marang iku?”

27. Unjuke Marta: “Inggih Gusti, kawula sampun pitados bilih Paduka punika Sang Kristus, Putraning Allah, ingkang pinasthi rawuh ing jagad.”

28. Sawuse munjuk mangkono, Marta banjur mundur ngundang Maryam sadulure, lan mbisiki mangkene: “Guru wus rawuh, nimbali kowe.”

29. Maryam bareng krungu banjur mak nyat ngadeg marani Gusti Yesus.

30. Nalika iku Gusti Yesus durung lumebet ing desa, isih ana ing papan nalika Marta methuk mau.

31. Bareng wong-wong Yahudi kang padha ana ing omah karo Maryam prelu nglipur weruh Maryam mak nyat ngadeg sarta metu, tumuli padha ngetutake, dikira yen Maryam arep menyang kuburan, nanging ana ing kono.

32. Satekane Maryam ing panggonane Gusti Yesus, bareng weruh marang Panjenengane, banjur nyungkemi sampeyane sarta munjuk: “Gusti, upami Paduka wonten ing ngriki, sadherek kawula mesthi boten saestu pejah.”

33. Bareng Gusti Yesus pirsa Maryam nangis, mangkono uga wong Yahudi kang padha ngetutake, temah rengu ing panggalih. Panjenengane trenyuh banget lan tumuli ngandika:

34. “Anggonmu ngubur ana ing ngendi?” Kang kadangu banjur munjuk: “Sumangga Gusti, kawula aturi mirsani!”

maca bab lengkap Yokanan 11