Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 11:11-25 Kitab Sutji (JAV)

11. Mangkono pangandikane, tumuli disambeti maneh: “Lazarus sadulur kita lagi turu, anggonKu mrana prelu arep nggugah anggone turu.”

12. Para sakabate banjur munjuk: “Gusti manawi piyambakipun tilem, badhe saras.”

13. Nanging karsane Gusti Yesus turu kang ateges mati. Dene panyanane para sakabat kang kapangandikakake turu iku turu temenan.

14. Marga saka iku Gusti Yesus tumuli ngandika sabarese: “Lazarus wus mati.

15. Nanging sokur dene nalika iku Aku ora ana ing kana, kang mangkono iku luwih becik tumrap kowe, supaya kowe padha bisa sinau pracaya. Payo, saiki kita padha marani dheweke.”

16. Banjur Tomas, kang karan Dhidhimus, kandha marang kanca-kancane para sakabat: “Payo, kita padha bela pati Panjenengane.”

17. Sarawuhe Gusti Yesus, Lazarus tinemu wus dikubur patang dina.

18. Desa Betania iku dununge cedhak karo kutha Yerusalem, dohe watara rong mil.

19. Anadene wong Yahudi wus akeh kang padha teka ing omahe Marta lan Maryam prelu nglipur anggone kesripahan sadulure.

20. Nalika Marta krungu yen Gusti Yesus rawuh, tumuli methuk, nanging Maryam kari ana ing omah.

21. Marta banjur munjuk marang Gusti Yesus: “Gusti, manawi Paduka wonten ing ngriki, sadherek kawula mesthi boten pejah.

22. Nanging sapunika ugi, kawula mangretos, bilih punapa ingkang Paduka suwun dhateng Gusti Allah, Gusti Allah mesthi badhe nyembadani.”

23. Pangandikane Gusti Yesus: “Sadulurmu bakal tangi maneh.”

24. Unjuke Marta: “Kawula inggih mangretos bilih badhe tangi benjing ing dinten patangen, ing wekasaning jaman.”

25. Gusti Yesus tumuli ngandika: “Iya Aku iki patangen lan kauripan. Sing sapa pracaya marang Aku bakal urip, sanadyan wus mati.

maca bab lengkap Yokanan 11