Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 11:1-14 Kitab Sutji (JAV)

1. Nuli ana sawijining wong kang lagi lara, jenenge Lazarus, omahe ing Betania, ing desane Maryam lan Marta sadulure wadon.

2. Dene Maryam iya iku wong wadon kang wus tau njebadi sampeyane Gusti kalawan lenga wangi, sarta banjur diusapi nganggo rambute.

3. Anadene Lazarus kang lagi lara iku sadulure. Wong wadon loro iku banjur padha kongkonan munjuk marang Gusti Yesus, mangkene: “Gusti, tiyang ingkang Paduka tresnani punika sakit.”

4. Gusti Yesus bareng miyarsa kabar iku banjur ngandika: “Larane iku ora ndadekake patine, nanging bakal mbabarake kaluhuraning Allah, awit marga saka larane iku Putraning Allah bakal kaluhurake.”

5. Anadene Marta lan mbakyune tuwin Lazarus iku, pancen padha ditresnani dening Gusti Yesus.

6. Nanging sawuse miyarsa yen Lazarus lara, Gusti Yesus nemaha kendel rong dina maneh ana ing palerebane.

7. Ewadene sawuse mangkono banjur ngandika marang para sakabate: “Payo padha bali menyang tanah Yudea maneh.”

8. Unjuke para sakabat: “Rabbi, saweg kemawon tiyang Yahudi sami nyobi mbenturi sela Paduka, punapa Paduka taksih karsa tindak mrika malih?”

9. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Sadina iku apa ora rolas jam? Sapa kang lumaku ing wayah awan, mesthi ora kesandhung, marga ndeleng padhange jagad iki.

10. Nanging manawa wong lumaku ing wayah bengi, mesthi kesandhung, amarga ora kadunungan padhang.”

11. Mangkono pangandikane, tumuli disambeti maneh: “Lazarus sadulur kita lagi turu, anggonKu mrana prelu arep nggugah anggone turu.”

12. Para sakabate banjur munjuk: “Gusti manawi piyambakipun tilem, badhe saras.”

13. Nanging karsane Gusti Yesus turu kang ateges mati. Dene panyanane para sakabat kang kapangandikakake turu iku turu temenan.

14. Marga saka iku Gusti Yesus tumuli ngandika sabarese: “Lazarus wus mati.

maca bab lengkap Yokanan 11