Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 10:9-18 Kitab Sutji (JAV)

9. Aku iki lawange; sapa kang lumebune metu ing Aku, iku bakal kapitulungan rahayu, sarta bakal lumebu lan metu, apadene bakal nemu pangonan.

10. Maling iku tekane mung arep nyolong lan nyembeleh sarta nyirnakake; Aku iki teka supaya wedhus-wedhus padha duwea urip , kanthi kaluberan.

11. Iya Aku iki pangon kang utama. Pangon kang utama iku ngetohake nyawane kanggo wedhus-wedhuse,

12. nanging mungguh buruh kang dudu pangon sarta dudu kang duwe wedhus-wedhus iku dhewe, samasa weruh ana asu ajag teka, wedhuse ditinggal mlayu, temah asu ajag iku nubruki lan mbuyarake wedhuse.

13. Anggone lumayu iku jalaran mung buruh, lan ora gumati marang wedhus-wedhuse iku.

14. Aku iki pangon kang utama sarta Aku niteni kang dadi wedhus-wedhusKu lan wedhus-wedhusKu padha wanuh marang Aku

15. kayadene Sang Rama anggone tepang marang Aku sarta Aku wanuh marang Sang Rama, sarta Aku ngetohake nyawaKu kanggo wedhus-wedhusKu.

16. Aku isih duwe wedhus liyane maneh, kang ora saka ing kandhang kene; wedhus-wedhus iku iya prelu Dakgiring uga, lan bakal padha ngrungokake swaraKu sarta bakal dadi pepanthan siji, pangon siji.

17. Sang Rama ngasihi Aku, jalaran Aku ngulungake nyawaKu supaya Daktampani maneh.

18. Ora ana wong siji bae kang ngrebut nyawaKu, nanging Dakulungake miturut sakarepKu dhewe. Aku kuwasa ngulungake, lan kuwasa ngukup maneh. Dhawuh iki kang Daktampa saka RamaKu.”

maca bab lengkap Yokanan 10