6. Pasemon iku dipangandikakake dening Gusti Yesus marang wong-wong mau, nanging padha ora ngreti tegese pangandika iku.
7. Gusti Yesus tumuli ngandika maneh: “Satemen-temene pituturKu marang kowe: Iya Aku iki lawange wedhus-wedhus iku.
8. Sakehe wong kang tekane sadurunge Aku, iku maling lan rampog, lan wedhus-wedhus iku ora padha ngrungokake marang wong-wong iku.
9. Aku iki lawange; sapa kang lumebune metu ing Aku, iku bakal kapitulungan rahayu, sarta bakal lumebu lan metu, apadene bakal nemu pangonan.
10. Maling iku tekane mung arep nyolong lan nyembeleh sarta nyirnakake; Aku iki teka supaya wedhus-wedhus padha duwea urip , kanthi kaluberan.
11. Iya Aku iki pangon kang utama. Pangon kang utama iku ngetohake nyawane kanggo wedhus-wedhuse,
12. nanging mungguh buruh kang dudu pangon sarta dudu kang duwe wedhus-wedhus iku dhewe, samasa weruh ana asu ajag teka, wedhuse ditinggal mlayu, temah asu ajag iku nubruki lan mbuyarake wedhuse.