Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 10:32-40 Kitab Sutji (JAV)

32. Pangandikane Gusti Yesus: “Wus akeh panggawe utama kang saka RamaKu kang Daktuduhake marang kowe. Panggawe iku mau endi kang dadi jalarane kowe arep padha mbenturi watu marang Aku?”

33. Wangsulane wong-wong Yahudi: “Anggonku arep mbenturi Kowe iku ora marga panggawe kang utama, nanging marga anggonMu nyenyamah marang Gusti Allah, iya iku amarga Kowe iku manungsa kok madhakake awakMu karo Gusti Allah.”

34. Gusti Yesus mangsuli: “Ing Toretmu apa ora katulisan mangkene: Ingsun wus ngandika: Sira kabeh iku allah.

35. Manawa wong kang padha kadhawuhan pangandikaning Allah iku diarani allah -- mangka Kitab Suci iku ora kena dibatalake --

36. kapriye dene wong sesengkeraning Allah kang diutus marani jagad, kok kokcalathoni: Kowe nyenyamah Gusti Allah. Apa marga ana tuturKu: Aku iki Putraning Allah?

37. Saupama Aku ora nglakoni pakaryaning RamaKu, aja pracaya marang Aku.

38. Nanging manawa Aku nglakoni iku mau, mangka kowe padha ora gelem pracaya marang Aku, padha pracayaa marang pakaryan-pakaryan iku supaya kowe padha sumurup lan pracaya yen Sang Rama ana ing Aku lan Aku ana ing Sang Rama.”

39. Wong Yahudi tumuli ngarah arep nyekel Gusti Yesus maneh, nanging Panjenengane ngoncati.

40. Gusti Yesus tumuli tindak menyang ing sabrange bengawan Yarden maneh, ing panggonane Nabi Yokanan miwiti mbaptisi, banjur lereb ana ing kono.

maca bab lengkap Yokanan 10