Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 10:11-23 Kitab Sutji (JAV)

11. Iya Aku iki pangon kang utama. Pangon kang utama iku ngetohake nyawane kanggo wedhus-wedhuse,

12. nanging mungguh buruh kang dudu pangon sarta dudu kang duwe wedhus-wedhus iku dhewe, samasa weruh ana asu ajag teka, wedhuse ditinggal mlayu, temah asu ajag iku nubruki lan mbuyarake wedhuse.

13. Anggone lumayu iku jalaran mung buruh, lan ora gumati marang wedhus-wedhuse iku.

14. Aku iki pangon kang utama sarta Aku niteni kang dadi wedhus-wedhusKu lan wedhus-wedhusKu padha wanuh marang Aku

15. kayadene Sang Rama anggone tepang marang Aku sarta Aku wanuh marang Sang Rama, sarta Aku ngetohake nyawaKu kanggo wedhus-wedhusKu.

16. Aku isih duwe wedhus liyane maneh, kang ora saka ing kandhang kene; wedhus-wedhus iku iya prelu Dakgiring uga, lan bakal padha ngrungokake swaraKu sarta bakal dadi pepanthan siji, pangon siji.

17. Sang Rama ngasihi Aku, jalaran Aku ngulungake nyawaKu supaya Daktampani maneh.

18. Ora ana wong siji bae kang ngrebut nyawaKu, nanging Dakulungake miturut sakarepKu dhewe. Aku kuwasa ngulungake, lan kuwasa ngukup maneh. Dhawuh iki kang Daktampa saka RamaKu.”

19. Marga saka pangandika kang mangkono iku tumuli tuwuh pasulayan maneh antarane wong-wong Yahudi. Panunggalane akeh kang duwe pangucap mangkene:

20. “Wong iku kapanjingan dhemit sarta owah; yagene padha kokrungokake?”

21. Ana liyane kang calathu: “Iku rak dudu tembunge wong kranjingan dhemit; apa dhemit bisa ngelekake mripate wong-wong wuta?”

22. Ora antara lawas, ing Yerusalem pinuju riyaya Pambangune Padaleman Suci; nalika samana mbeneri mangsa bedhidhing.

23. Gusti Yesus tindak-tindak ana ing Padaleman Suci, ing bangsal Suleman.

maca bab lengkap Yokanan 10