Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 10:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. “Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sapa kang mlebu ing kandhang wedhus ora metu ing lawang, nanging menek ing tembok, iku maling utawa rampog;

2. balik kang lumebune metu ing lawang, iku pangone wedhus.

3. Iku kang diwengani dening kang tunggu lawang sarta wedhus-wedhuse padha nilingake swarane lan dheweke tumuli ngundangi wedhus-wedhuse manut jenenge dhewe-dhewe sarta banjur digiring metu.

4. Manawa wedhuse iku wus diwetokake kabeh, dheweke lumaku ing ngarep lan wedhuse padha ngetut-buri, marga wedhus-wedhus mau niteni swarane.

5. Nanging wong liya mesthi ora ditutburi, malah ditinggal mlayu, marga wedhus-wedhus iku ora wanuh marang swarane wong-wong liyane.”

6. Pasemon iku dipangandikakake dening Gusti Yesus marang wong-wong mau, nanging padha ora ngreti tegese pangandika iku.

7. Gusti Yesus tumuli ngandika maneh: “Satemen-temene pituturKu marang kowe: Iya Aku iki lawange wedhus-wedhus iku.

8. Sakehe wong kang tekane sadurunge Aku, iku maling lan rampog, lan wedhus-wedhus iku ora padha ngrungokake marang wong-wong iku.

9. Aku iki lawange; sapa kang lumebune metu ing Aku, iku bakal kapitulungan rahayu, sarta bakal lumebu lan metu, apadene bakal nemu pangonan.

10. Maling iku tekane mung arep nyolong lan nyembeleh sarta nyirnakake; Aku iki teka supaya wedhus-wedhus padha duwea urip , kanthi kaluberan.

11. Iya Aku iki pangon kang utama. Pangon kang utama iku ngetohake nyawane kanggo wedhus-wedhuse,

maca bab lengkap Yokanan 10