Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 1:4-18 Kitab Sutji (JAV)

4. Sang Sabda kang kadunungan urip, sarta urip iku kang dadi pepadhanging manungsa.

5. Anadene Sang Padhang nelahi sajroning pepeteng, lan ora kalindhih dening pepeteng iku.

6. Ana priya rawuh kautus dening Allah asmane Yokanan.

7. Rawuhe dadi seksi, kapatah nekseni bab Sang Padhang, supaya dadia lantarane wong kabeh padha pracaya.

8. Panjenengane iku dudu Sang Padhang piyambak, mung kapatah nekseni bab Sang Pedhang.

9. Sang Padhang kang sajati kang madhangi saben wong, iku lagi ngrawuhi jagad.

10. Panjenengane wus ana ing jagad, dhasar jagad iku dumadine iya dening Panjenengane, nanging jagad iku ora wanuh marang Panjenengane.

11. Rawuhe murugi kagungane, nanging para kagungane iku ora gelem nampani.

12. Nanging sapa bae kang nampani Panjenengane iku diparingi wewenang dadi para putraning Allah iya iku kang padha pracaya marang asmane,

13. kang laire ora saka ing getih, iya ora saka pakaremaning daging utawa saka karepe wong lanang, nanging saka ing Allah.

14. Anadene Sang Sabda wus dadi daging sarta makuwon ana ing antara kita, lan aku wus padha nyawang kamulyane, iya iku kamulyan kang kaparingake marang Panjenengane kang jumeneng Putrane ontang-anting Sang Rama, kang kapenuhan ing sih-rahmat lan kayekten.

15. Nabi Yokanan nekseni mungguh Panjenengane sarta nguwuh-uwuh, pangandikane: “Iya iki kang dakkarepake nalika aku pitutur mangkene: Kang rawuh nungka aku iku wus ngrumiyini aku, amarga anane sadurunge aku.”

16. Saka ing kasampurnane kita kabeh wus tampa ganjaran sih mawantu-wantu.

17. Sabab angger-angger iku anggone kaparingake lantaran Nabi Musa, dene sih-rahmat lan kayekten iku dumadine dening Sang Yesus Kristus.

18. Ora ana wong siji-sijia kang wus tau weruh Gusti Allah. Sang Putra ontang-anting kang ana ing pangkone Sang Rama, iku kang nerangake kawontenane.

maca bab lengkap Yokanan 1