Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 1:29-39 Kitab Sutji (JAV)

29. Esuke Nabi Yokanan mirsa Gusti Yesus murugi, Nabi Yokanan mau banjur ngandika: “Delengen iku Cempening Allah kang ngilangi dosane jagad.

30. Iya Panjenengane iku kang dakkarepake nalika aku kandha mangkene: Ana priya rawuh nungka aku, kang wus ngrumiyini aku, amarga anane sadurunge aku.

31. Ing maune aku iya ora wanuh marang Panjenengane, nanging supaya Panjenengane kalairna marang Banisrael, mulane tekaku nganggo mbaptis ing banyu.”

32. Lan maneh paseksene Nabi Yokanan mangkene: “Aku wus ndeleng Roh tumedhak saka ing swarga kaya manuk dara, dedalem ing sarirane.

33. Maune aku iya ora wanuh karo Panjenengane, nanging kang ngutus aku mbaptisi ing banyu, wus ngandika marang aku: Manawa sira weruh Roh iku nedhaki sawijining wong lan dedalem ing sarirane Wong mau, iya iku kang bakal mbaptis sarana Roh Suci.

34. Anadene aku wus ndeleng lan nekseni yen iku Putraning Allah.”

35. Esuke Nabi Yokanan jumeneng ana ing papan kono maneh, karo sakabate loro.

36. Nalika padha weruh Gusti Yesus langkung, Nabi Yokanan ngandika: “Lah iku Cempening Allah!”

37. Sakabate loro mau padha krungu anggone Nabi Yokanan ngandika mangkono iku, banjur ndherekake tindake Gusti Yesus.

38. Gusti Yesus tumuli noleh mirsa yen sakabat mau padha ndherekake, banjur didangu: “Kowe padha golek apa?” Unjuke kang didangu: “Rabbi (tegese: Guru), pakendelan Paduka wonten ing pundi?”

39. Pangandikane Gussti Yesus: “Ayo, kowe bakal padha weruh!” Tumuli padha mara lan weruh marang pakendelane, sarta ing dina iku banjur padha tetunggalan karo Panjenengane, dene mungguh wayahe iku watara jan papat.

maca bab lengkap Yokanan 1