Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 1:11-30 Kitab Sutji (JAV)

11. Rawuhe murugi kagungane, nanging para kagungane iku ora gelem nampani.

12. Nanging sapa bae kang nampani Panjenengane iku diparingi wewenang dadi para putraning Allah iya iku kang padha pracaya marang asmane,

13. kang laire ora saka ing getih, iya ora saka pakaremaning daging utawa saka karepe wong lanang, nanging saka ing Allah.

14. Anadene Sang Sabda wus dadi daging sarta makuwon ana ing antara kita, lan aku wus padha nyawang kamulyane, iya iku kamulyan kang kaparingake marang Panjenengane kang jumeneng Putrane ontang-anting Sang Rama, kang kapenuhan ing sih-rahmat lan kayekten.

15. Nabi Yokanan nekseni mungguh Panjenengane sarta nguwuh-uwuh, pangandikane: “Iya iki kang dakkarepake nalika aku pitutur mangkene: Kang rawuh nungka aku iku wus ngrumiyini aku, amarga anane sadurunge aku.”

16. Saka ing kasampurnane kita kabeh wus tampa ganjaran sih mawantu-wantu.

17. Sabab angger-angger iku anggone kaparingake lantaran Nabi Musa, dene sih-rahmat lan kayekten iku dumadine dening Sang Yesus Kristus.

18. Ora ana wong siji-sijia kang wus tau weruh Gusti Allah. Sang Putra ontang-anting kang ana ing pangkone Sang Rama, iku kang nerangake kawontenane.

19. Iki paseksene Nabi Yokanan nalika wong Yahudi saka ing Yerusalem kongkonan para imam lan para wong Lewi, dikon matur pitakon: “Panjenengan punika sinten?”

20. Nabi Yokanan ngaken kanthi bares: “Aku iki dudu Sang Kristus.”

21. Pitakone kongkonan: “Manawi makaten panjenengan punika sinten? Punapa Nabi Elia?” Paring wangsulane Nabi Yokanan: “Dudu.”

22. Ing kono ature kongkonan: “Panjenengan punika sinten, supados kula sami saged mratelakaken dhateng ingkang kengkenan kula. Pengaken panjenengan tumrap sarira panjenengan kadospundi?”

23. Pangandikane Nabi Yokanan: “Aku iki swarane wong kang nguwuh-uwuh ana ing pasamunan: Padha ngencengna margi ambah-ambahane Pangeran! Kaya kang wus dipangandikakake dening Nabi Yesaya.”

24. Mungguh ing antarane para kongkonan mau ana wonge Farisi sawatara.

25. Iku banjur nyuwun pirsa maneh: “Manawi panjenengan sanes Sang Kristus, sanes Nabi Elia, sanes nabi ingkang sami kula antos-antos, punapaa dene panjenengan kok mawi mbaptis?”

26. Nabi Yokanan mangsuli, pangandikane: “Aku iki anggonku mbaptis nganggo banyu, nanging wus ana kang jumeneng ing tengahmu, kowe padha ora weruh,

27. iya iku kang rawuhe nungka aku. Ambok nguculi jangeting trumpahe bae aku ora patut.”

28. Mungguh kelakone iku mau ana ing Betania, ing sabrange bengawan Yarden, panggonane Nabi Yokanan mbaptis.

29. Esuke Nabi Yokanan mirsa Gusti Yesus murugi, Nabi Yokanan mau banjur ngandika: “Delengen iku Cempening Allah kang ngilangi dosane jagad.

30. Iya Panjenengane iku kang dakkarepake nalika aku kandha mangkene: Ana priya rawuh nungka aku, kang wus ngrumiyini aku, amarga anane sadurunge aku.

maca bab lengkap Yokanan 1