Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 1:10-24 Kitab Sutji (JAV)

10. Panjenengane wus ana ing jagad, dhasar jagad iku dumadine iya dening Panjenengane, nanging jagad iku ora wanuh marang Panjenengane.

11. Rawuhe murugi kagungane, nanging para kagungane iku ora gelem nampani.

12. Nanging sapa bae kang nampani Panjenengane iku diparingi wewenang dadi para putraning Allah iya iku kang padha pracaya marang asmane,

13. kang laire ora saka ing getih, iya ora saka pakaremaning daging utawa saka karepe wong lanang, nanging saka ing Allah.

14. Anadene Sang Sabda wus dadi daging sarta makuwon ana ing antara kita, lan aku wus padha nyawang kamulyane, iya iku kamulyan kang kaparingake marang Panjenengane kang jumeneng Putrane ontang-anting Sang Rama, kang kapenuhan ing sih-rahmat lan kayekten.

15. Nabi Yokanan nekseni mungguh Panjenengane sarta nguwuh-uwuh, pangandikane: “Iya iki kang dakkarepake nalika aku pitutur mangkene: Kang rawuh nungka aku iku wus ngrumiyini aku, amarga anane sadurunge aku.”

16. Saka ing kasampurnane kita kabeh wus tampa ganjaran sih mawantu-wantu.

17. Sabab angger-angger iku anggone kaparingake lantaran Nabi Musa, dene sih-rahmat lan kayekten iku dumadine dening Sang Yesus Kristus.

18. Ora ana wong siji-sijia kang wus tau weruh Gusti Allah. Sang Putra ontang-anting kang ana ing pangkone Sang Rama, iku kang nerangake kawontenane.

19. Iki paseksene Nabi Yokanan nalika wong Yahudi saka ing Yerusalem kongkonan para imam lan para wong Lewi, dikon matur pitakon: “Panjenengan punika sinten?”

20. Nabi Yokanan ngaken kanthi bares: “Aku iki dudu Sang Kristus.”

21. Pitakone kongkonan: “Manawi makaten panjenengan punika sinten? Punapa Nabi Elia?” Paring wangsulane Nabi Yokanan: “Dudu.”

22. Ing kono ature kongkonan: “Panjenengan punika sinten, supados kula sami saged mratelakaken dhateng ingkang kengkenan kula. Pengaken panjenengan tumrap sarira panjenengan kadospundi?”

23. Pangandikane Nabi Yokanan: “Aku iki swarane wong kang nguwuh-uwuh ana ing pasamunan: Padha ngencengna margi ambah-ambahane Pangeran! Kaya kang wus dipangandikakake dening Nabi Yesaya.”

24. Mungguh ing antarane para kongkonan mau ana wonge Farisi sawatara.

maca bab lengkap Yokanan 1