Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yakobus 5:13-20 Kitab Sutji (JAV)

13. Manawa ana panunggalanmu kang nandhang sangsara, iku ndedongaa! Manawa ana kang seneng atine, iku ngidunga!

14. Manawa ana panunggalanmu kang lara, luwih becik iku ngaturi para pinituwane pasamuwan, supaya padha ndongakake dheweke sarta ngusapi lenga atas asmane Gusti.

15. Sarta pandonga kang metu saka pracaya iku bakal nylametake kang lara iku, lan bakal ditangekake dening Gusti; sarta manawa wong iku wis nglakoni dosa, dosane iku bakal diapura.

16. Kang iku padha akon-ingakonana dosamu sarta padha donga-dinongakna supaya kowe padha waluya. Pandongane wong mursid, kang kaaturake kalawan kayakinan iku gedhe banget dayane.

17. Nabi Elia iku manungsa lumrah kaya kita, sarta panjenengane wis ngunjukake pandonga kalawan temen-temen, supaya aja ana udan, sarta ing bumi iya ora ana udan nganti telung taun nem sasi.

18. Nuli ndedonga maneh sarta langit banjur nurunake udan lan bumi banjur metokake woh.

19. He para sadulur, manawa panunggalanmu ana kang nyimpang saka ing kayekten sarta ana wong kang njalari mratobate,

20. sumurupa, sapa kang mbalekake wong dosa saka lakune kang nasar, iku bakal ngentasake nyawane saka ing pati sarta nutupi dosa akeh.

maca bab lengkap Yakobus 5