Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yakobus 5:1-13 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing saikine, he para wong sugih, nangisa sarta sesambata marga saka anane sangsara kang bakal tumempuh ing kowe!

2. Kasugihanmu wis bosok sarta sandhanganmu padha kamangsa ing renget.

3. Mas sarta salakamu kapangan ing timbrah lan timbrahe bakal dadi paseksen tumrap ing kowe kabeh, sarta bakal memangsa dagingmu kayadene geni. Kowe wus numpuk bandha ing dina-dina wekasan iki.

4. Sajatine wus kaprungu panguwuh-uwuh, amarga opahing buruh kang wis padha ngeneni pametuning tegalmu koktahan, pangresulane wong kang padha derep wis kapireng ing talingane Pangeraning sakabehe tumitah.

5. Ana ing bumi iki kowe wus urip mukti sarta seneng-seneng. Kowe wus padha nyeneng-nyenengake atimu, kaya ing dina pasembelehan.

6. Wong bener kokukum malah kokpateni, lan ora bisa nglawan marang kowe.

7. Kang iku para sadulur, padha disabar nganti tumeka rawuhe Gusti! Sajatine wong tani iku nganti-anti marang pametuning bumine kang adi sarta disrantekake, nganti tekane udan ing mangsa rontog lan ing mangsa semi.

8. Kowe uga padha disabar, atimu padha santosakna, amarga rawuhe Gusti wis cedhak!

9. He para sadulur, kowe aja padha nggresah lan dakwa-dinakwa, supaya kowe aja nganti diadili. Sajatine Sang Hakim wis jumeneng ing ngarep lawang.

10. He para sadulur, padha nulada panandhange sangsara sarta kasabarane para nabi, kang wis padha medharake pangandika atas asmane Pangeran.

11. Sajatine kita padha ngarani rahayu wong kang padha sabar mantep iku; kowe wus padha krungu bab sabar mantepe Rama Ayub, sarta wis padha sumurup apa kang ing wekasane kacawisake dening Pangeran kagem panjenengane, amarga Pangeran iku gedhe sih-palimirmane sarta welasan.

12. Nanging para sadulur, kang dhisik poma aja supata; dadia demi swarga dadia demi bumi utawa sadhengaha supata liyane. Manawa iya, kandhaa iya, yen ora, kandhaa ora, supaya kowe ora kena ing paukuman.

13. Manawa ana panunggalanmu kang nandhang sangsara, iku ndedongaa! Manawa ana kang seneng atine, iku ngidunga!

maca bab lengkap Yakobus 5