Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yakobus 4:9-17 Kitab Sutji (JAV)

9. Padha rumangsaa kesrakat, padha prihatina sarta nangisa; guyumu salinana tangis, sarta kabungahanmu salinana prihatin.

10. Esorna badanmu ana ing ngarsane Pangeran, sarta Panjenengane bakal ngluhurake kowe.

11. He para sadulurku, aja padha catur-cinatur ala! Sing sapa nyatur ala utawa ngadili sadulure, iku nacad sarta ngadili angger-angger, sarta manawa kowe ngadili angger-angger, dadine kowe dudu kang nglakoni angger-angger, nanging dadi hakime.

12. Mung siji kang nganakake angger-angger sarta kang jumeneng Hakim, yaiku Panjenengane kang kuwaos nylametake sarta numpes. Nanging kowe iku sapa, dene kok ngadili pepadhamu?

13. Dadi saikine, heh kowe kang padha duwe ujar mangkene: “Ing dina iki utawa sesuk aku arep mangkat menyang kutha anu, sarta arep lereb ana ing kono setaun lawase, arep laku dagang sarta golek bathi”,

14. mangka kowe padha ora sumurup apa kang bakal kalakon ing dina sesuk. Apa ta tegese uripmu iku? Uripmu iku padha karo uwab, katon mung sadhela banjur sirna.

15. Sabenere kowe kudu ngucap mangkene: “Manawa Pangeran marengake, aku bakal kasambungan umur sarta bakal nglakoni mangkene utawa mangkono.”

16. Nanging saikine sing kokegungake iku umukmu. Sarupane gumunggung kang kaya mangkono iku luput.

17. Dadi sing sapa mangreti ing bab panggawe becik, mangka ora nglakoni, iku dadi lan dosane.

maca bab lengkap Yakobus 4