Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yakobus 4:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Saka ing ngendi tekane kekerengan sarta cecongkrahan ing antaramu iku? Apa ora saka hawa-nepsu kang tansah paprangan ana ing sajroning badanmu?

2. Kowe padha melik marang sawijining barang, nanging ora kalakon, kowe banjur memateni; kowe meri, mangka ora bisa katurutan, kowe banjur padha padu sarta kerengan. Kowe ora oleh apa-apa, amarga padha ora ndedonga.

3. Utawa kowe uga ndedonga, nanging kowe ora oleh apa-apa, amarga anggonmu ndedonga iku kleru, jalaran apa kang koksuwun iku bakal kokentekake kanggo ngumbar hawa-nepsumu.

4. He wong kang padha ora setya, apa kowe padha ora sumurup, manawa memitran karo donya iku dadi sesatron karo Gusti Allah? Kang iku sing sapa dadi mitrane donya, iku ndadekake awake dhewe dadi satrune Gusti Allah.

5. Aja duwe pangira, manawa Kitab Suci iku tanpa sabab anggone ngandika: “Roh kang wis kadunungake Gusti Allah ana ing kita, dikarsakake kanthi butajengan.”

6. Nanging sih-rahmat kang diparingake marang kita iku ngluwihi iku. Marga saka iku Panjenengane ngandika:“Gusti Allah nglawan wong kang kumalungkung, nanging maringi sih-rahmat marang wong kang andhap-asor.”

7. Marga saka iku padha nungkula marang Allah. Iblis tanggulangen, temahan bakal lumayu nglungani kowe!

8. Padha nyedhakana marang Gusti Allah; Gusti Allah bakal nyelaki kowe. Tanganmu padha resikana, he wong dosa, sarta atimu padha eningna, he wong kang duwe ati rangkep.

9. Padha rumangsaa kesrakat, padha prihatina sarta nangisa; guyumu salinana tangis, sarta kabungahanmu salinana prihatin.

10. Esorna badanmu ana ing ngarsane Pangeran, sarta Panjenengane bakal ngluhurake kowe.

11. He para sadulurku, aja padha catur-cinatur ala! Sing sapa nyatur ala utawa ngadili sadulure, iku nacad sarta ngadili angger-angger, sarta manawa kowe ngadili angger-angger, dadine kowe dudu kang nglakoni angger-angger, nanging dadi hakime.

maca bab lengkap Yakobus 4