Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yakobus 3:2-12 Kitab Sutji (JAV)

2. Amarga kita kabeh padha kaluputan ing prakara akeh, sing sapa ora kaluputan ing tetembungane, iku wong sampurna, wis bisa ngereh marang saranduning badane kabeh.

3. Lah ta jaran iku padha kita etrapi kendhali ing cangkeme, satemah manut marang kita, kita bisa ngendhaleni badane kabeh.

4. Lan maneh coba pikiren bae, prau-prau kapal sanadyan gedhe banget sarta disurung ing angin kang banter, ewasamono kena kainger-ingerake sarana kemudhi kang cilik banget, manut ing sakarepe jurumudhine.

5. Mangkono uga ilat, sanadyan dadi perangane badan kang cilik, ewadene bisa ngumukake prakara-prakara kang gedhe.Lah, geni iku sanadyan mung sapelik bisa ngobong alas kang gedhe.

6. Ilat iku iya geni, prasasat jagading kadurakan sarta dununge ana ing antarane peranganing badan kita, dadi sawijining perangan kang bisa ngregedi badan sakojur sarta bisa ngobong rodhaning urip kita, dene ilat iku dhewe kasaladan dening geni naraka.

7. Mungguh sakabehing buron alas, manuk, sarta kewan rumangkang lan kang ana ing sagara, iku kadadekake tutut lan wis kalakon didadekake tutut dening manungsa,

8. nanging ora ana wong kang bisa gawe tututing ilat; iku piala kang kaya kewan galak, ora kena dikendhaleni sarta kebak wisa kang neniwasi.

9. Kalawan ilat kita memuji marang Gusti Allah, Rama kita, sarta kalawan ilat kita nyupatani manungsa, kang katitahake manut citraning Allah,

10. cangkem siji metokake berkah lan ipat-ipat. Bab iki, para sadulurku ora kena mangkono.

11. Apa ana sumber kang metokake banyu tawa lan pait saka tuk siji?

12. Para sadulurku, wit anjir apa iya bisa metu wohe jaitun utawa wit anggur metu wohe anjir? Mangkono uga sumber banyu asin ora bisa metokake banyu tawa.

maca bab lengkap Yakobus 3