Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yakobus 3:11-18 Kitab Sutji (JAV)

11. Apa ana sumber kang metokake banyu tawa lan pait saka tuk siji?

12. Para sadulurku, wit anjir apa iya bisa metu wohe jaitun utawa wit anggur metu wohe anjir? Mangkono uga sumber banyu asin ora bisa metokake banyu tawa.

13. Sapa panunggalanmu kang wicaksana sarta limpad ing budi? Iku nuduhna panggawene uripe kang utama kalawan kawicaksanan, kang tuwuh saka budi sareh.

14. Manawa sajroning atimu kowe padha nduweni rasa meri sarta mung mikir marang awakmu dhewe, kowe aja padha gumunggung sarta aja goroh nyulayani kayekten!

15. Iku dudu kawicaksanan kang tumurun saka ing ngaluhur, nanging saka ing donya, saka ing hawa-nepsuning manungsa, saka setan-setan.

16. Sabab ing ngendi ana kameren sarta sipat mung mikir awake dhewe, ing kono ana rerusuh sarta sarupane panggawe ala.

17. Balik kawicaksanan kang saka ing ngaluhur, iku kang dhisik dhewe murni, sabanjure dhemen rukun, sumlondhoh, mbangun turut, sugih kawelasan sarta woh-woh kang becik, ora ilon-ilonen sarta ora lamis.

18. Sarta mungguh wohing kayekten iku kasebarake sajrone tata rukun tumrap wong-wong kang olah tata rukun.

maca bab lengkap Yakobus 3