Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yakobus 2:10-26 Kitab Sutji (JAV)

10. Jalaran sing sapa netepi sakehing angger-angger iku, mangka nglirwakake saprakara, dheweke iku kaluputan marang sakabehe.

11. Jalaran Panjenengane kang ngandika: “Sira aja laku bedhang,” iku uga ngandika: “Sira aja memateni.” Dadi sanadyan kowe ora laku bedhang, nanging gawe pepati, iku kowe uga dadi wong kang nerak ing angger-angger.

12. Calathua sarta tumindaka kaya wong kang bakal padha diadili miturut angger-anggering kamardikan.

13. Awitdene tumindake pangadilan iku bakal tanpa welas ing ngatase wong kang ora nglakoni kawelasan. Nanging kawelasan iku bakal unggul lawan pangadilan.

14. He para sadulurku, paedahe apa, manawa ana wong ngaku nduweni pracaya, mangka ora ana panggawene?

15. Saupama ana sadulur lanang utawa wadon kang kacingkrangan ing bab sandhang lan pangane ing saben dinane,

16. nuli ana panunggalanmu kang nuturi mangkene: “Wis mangkata, daksangoni slamet, nganggoa sandhangan kang anget sarta mangana sing wareg.” Nanging ora menehi kang dadi kabutuhane badane, iku paedahe apa?

17. Mangkono uga tumrap pracaya: Manawa pracaya iku ora dikantheni panggawe, iku sajatine mati.

18. Nanging bisa uga ana kang muni mangkene: “Kowe iku kang nduweni pracaya, aku iki nduweni panggawe.” Aku bakal mangsuli: “Mara tuduhana pracayamu kang tanpa panggawe iku, sarta kowe bakal daktuduhi pracayaku saka panggawe-panggaweku.”

19. Kowe pracaya, manawa mung ana Gusti Allah siji? Iku becik. Nanging setan uga pracaya ing bab iku, banjur padha gumeter.

20. He, wong bodho, apa kowe saiki gelem ngakoni, manawa pracaya tanpa panggawe iku pracaya kang kothong.

21. Leluhur kita Rama Abraham iku apa ora awit saka panggawe-panggawene anggone kabenerake, nalika nyaosake kang putra Iskak ana ing misbyah?

22. Kowe padha sumurup, manawa pracaya iku tumindak bebarengan karo panggawe, sarta marga saka panggawe iku pracaya dadi sampurna.

23. Temah kayektenan nas kang surasane mangkene: “Anadene Rama Abraham pracaya marang Gusti Allah, mangka iya iku kang kaetung dadi kasampurnane.” Amarga saka iku Rama Abraham kasebut: “Mitrane Gusti Allah.”

24. Dadi kowe padha sumurup, manawa manungsa anggone kabenerake iku jalaran saka panggawe, ora mung saka pracaya bae.

25. Mangkono uga Rakhab, si sundel iku, apa ora awit saka panggawene anggone kabenerake, nalika ndhelikake para utusan ing omahe, banjur nulungi lolose metu ing dalan liya?

26. Jalaran kayadene badan tanpa sukma iku mati, mangkono uga pracaya tanpa panggawe iku iya mati.

maca bab lengkap Yakobus 2