Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yakobus 1:8-18 Kitab Sutji (JAV)

8. Jalaran wong kang atine mangro, ora bakal tentrem uripe.

9. Sadulur kang asor iku nggunggunga ing bab kaluhurane,

10. sarta kang sugih iku nggunggunga ing bab kaasorane, jalaran bakal sirna kaya kembanging suket.

11. Jalaran srengenge sawise mlethek kanthi panase kang sumelet, banjur nggaringake suket iku, temahan gogrog kembange, ilang kaendahane. Mangkono uga wong sugih iya bakal sirna ing sajrone pambudi-dayane.

12. Rahayu wong kang tanggon sajrone kena ing panyoba, jalaran manawa wis katitik tanggon, bakal nampani makuthaning kauripan, kang wis kaprasetyakake dening Gusti Allah marang wong kang padha tresna ing Panjenengane.

13. Manawa ana wong kang kena ing panggodha aja ngucap mangkene: “Aku digodha dening Allah.” Jalaran Gusti Allah ora bisa digodha dening piala, sarta Gusti Allah ora nggodha marang wong.

14. Nanging saben wong digodha dening pepenginane dhewe, jalaran disered sarta dibujuk dening pepenginane dhewe.

15. Sarta manawa pepenginan iku wus ngandhut, mbanjur manak dosa, sarta manawa dosa iku wus mateng bakal nglairake pati.

16. He, para sadulur kang daktresnani, aja padha kesasar!

17. Angger peparing kang becik sarta ganjaran kang sampurna iku saka ing luhur, tumurun saka ing Ramane sakehing pepadhang, kang ora owah gingsir utawa ora ana empering pamalike.

18. Marga saka karsane piyambak Panjenengane wus mbabarake kita srana pangandikaning kayekten, supaya kita padha ana ing tataran kang gumathok, yaiku dadi putra pambarep ing antarane para titahe kabeh.

maca bab lengkap Yakobus 1