Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yakobus 1:3-13 Kitab Sutji (JAV)

3. jalaran kowe padha sumurup, manawa pandadaran tumrap pracaya iku nuwuhake sabar mantep.

4. Sarta sabar mantep iku kareben metokake woh kang sampurna, supaya kowe dadi sampurna lan mulus, sarta ora kekurangan sawiji apa.

5. Dene manawa panunggalanmu ana kang kekurangan kawicaksanan, iku nyuwuna marang Gusti Allah, kang maringi marang sakabehing wong kanthi eklas, ora kanthi ngundhat-undhat, sarta bab iku bakal kaparingake marang dheweke.

6. Mung bae panyuwune iku kang kanthi pracaya sarta aja nganggo mangu-mangu, jalaran wong kang mangu-mangu iku padha bae karo ombaking sagara, kang katempuh ing angin mawalikan mrana-mrene.

7. Wong kang mangkono iku aja duwe pangira, manawa bakal oleh apa-apa saka Pangeran.

8. Jalaran wong kang atine mangro, ora bakal tentrem uripe.

9. Sadulur kang asor iku nggunggunga ing bab kaluhurane,

10. sarta kang sugih iku nggunggunga ing bab kaasorane, jalaran bakal sirna kaya kembanging suket.

11. Jalaran srengenge sawise mlethek kanthi panase kang sumelet, banjur nggaringake suket iku, temahan gogrog kembange, ilang kaendahane. Mangkono uga wong sugih iya bakal sirna ing sajrone pambudi-dayane.

12. Rahayu wong kang tanggon sajrone kena ing panyoba, jalaran manawa wis katitik tanggon, bakal nampani makuthaning kauripan, kang wis kaprasetyakake dening Gusti Allah marang wong kang padha tresna ing Panjenengane.

13. Manawa ana wong kang kena ing panggodha aja ngucap mangkene: “Aku digodha dening Allah.” Jalaran Gusti Allah ora bisa digodha dening piala, sarta Gusti Allah ora nggodha marang wong.

maca bab lengkap Yakobus 1