Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wahyu 8:7-13 Kitab Sutji (JAV)

7. Malaekat kang kapisan banjur ngungelake kalasangkane, tumuli ana udan es, lan geni, campur getih; lan kabeh mau katibakake ing bumi; temah sapratelone bumi lan sapratelone wit-witan kobong sarta sakehe suket ijo padha geseng.

8. Malaekat kang kapindho tumuli ngungelake kalasangkane tumuli ana rerupan saemper gunung gedhe kang murub, kacegurake ing sagara. Temah sapratelone sagara iku dadi getih,

9. lan titah ing sagara kang duwe nyawa sapratelone padha mati tuwin sapratelone prau-prau padha sumyur.

10. Malaekat kang katelu tumuli ngungelake kalasangkane, banjur ana lintang gedhe tiba saka ing langit, murub kaya obor, sarta nibani sapratelon kali-kali lan etuk-etuking banyu.

11. Anadene lintang mau jenenge Apsintus. Satemah sapratelone sakehing banyu dadi apsintus, njalari akeh wong kang padha mati marga saka banyu mau, awit wus dadi pait.

12. Malaekat kang kapat banjur ngungelake kalasangkane, nuli sapratelone srengenge lan sapratelone rembulan tuwin sapratelone lintang-lintang katempuh, temah sapratelone iku padha dadi peteng, lan sapratelone rina ora padhang, sarta wengine iya mangkono uga.

13. Aku banjur weruh, lan krungu sawijining manuk garudha mabur ing satengahing langit lan ngucap kanthi swara seru: “Bilai, bilai, bilai wong kang manggon ana ing bumi awit saka swarane kalasangkane malaekat telu liyane, kang isih bakal ngungelake kalasangkane.”

maca bab lengkap Wahyu 8