Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wahyu 4:3-6 Kitab Sutji (JAV)

3. Kang lenggah ing dhampar iku sawangane kaya sesotya yaspis lan sardhis; lan ing saubenge dhampar ana kluwunge kang katon sumunar kaya jumerud.

4. Anadene ing saubenge dhampar mau ana dhampare patlikur linenggahan ing pinituwa patlikur, padha mangagem putih sarta ngagem makutha emas.

5. Saka ing dhampar mau ana kilate kang metu lan swara gludhug kang gumleger, lan ing ngarepe dhampar ana obor pitu kang padha murub: yaiku Rohe Gusti Allah pepitu.

6. Karodene ing ngarepe dhampar ana sagara kaca kristal; ing satengahe dhampar lan ing saubenge ana makluk papat padha kebak mripat ana ing ngarep lan ing buri.

maca bab lengkap Wahyu 4