Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wahyu 3:16-22 Kitab Sutji (JAV)

16. Kang iku sarehne sira iku manget-manget, ora adhem ora panas, mulane Ingsun bakal nglepeh sira saka ing tutukingSun.

17. Sarehne sira duwe ujar: Aku iki sugih lan aku wus ngudi kasugihan sarta ora kekurangan apa-apa, apa maneh marga sira ora sumurup, yen sira iku mlarat, lan memelas, wuta lan kawudan,

18. mulane Ingsun mituturi sira, supaya sira tukua mas kang binesot ing geni marang Ingsun, supaya sira dadia sugih; lan uga sandhangan putih, supaya sira manganggoa, temah aja nganti katon anggonmu wuda, kang ngisin-isini; apadene lenga kang kagawe mblonyohi mripatira, supaya bisa ndeleng.

19. Sapa wong kang Sunkasihi iku Sunwelehake lan Sunrangket; marga saka iku sing sumarah lan mratobata!

20. Wruhanira, Ingsun jumeneng ana ngarep lawang sarta thothok-thothok; manawa ana wong kang krungu suwaraningSun lan ngengani lawang, Ingsun bakal lumebet manggihi lan bujana bebarengan karo wong iku lan wong iku karo Ingsun.

21. Sing sapa unggul, iku bakal Sunwenangake lungguh kalawan Ingsun ana ing dhamparingSun, padha kaya Ingsun uga wus unggul lan banjur lenggah kalawan RamaningSun ana ing dhampare.

22. Sing sapa duwe kuping, ngrungokna apa kang dadi pangandikane Sang Roh marang pasamuwan-pasamuwan.”

maca bab lengkap Wahyu 3