Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wahyu 3:1-13 Kitab Sutji (JAV)

1. “Sira nulisa marang malaekate pasamuwan ing Sardis: Iki pangandikane kang kagungan Rohe Allah pitu lan lintang pitu iku: Ingsun ngudaneni ing panggawenira kabeh; sira kaaranan urip, mangka satemene mati!

2. Sira tangia, lan nyantosakna apa kang isih kari kang wus ngarepake mati, awit panggawenira iku ora ana siji-sijia kang sampurna ana ing ngarsane AllahingSun.

3. Kang iku sira elinga, kapriye anggonira nampani lan krungu; iku tetepana lan mratobata! Jalaran manawa sira ora jumaga, Ingsun bakal ngrawuhi sira kaya maling, sarta sira ora bakal sumurup wayah apa anggoningSun ngrawuhi sira.

4. Nanging ing Sardis kono uga ana wong sawatara kang ora ngregedi sandhangane; wong-wong iku bakal ndherek ing satindakingSun kalawan manganggo putih, marga wus padha sembada.

5. Sing sapa unggul, iku bakal dienggoni sandhangan putih kaya mangkono; lan jenenge mesthi bakal ora Sunbirat saka ing buku kauripan, sarta jenenge bakal Sunakeni ana ing ngarsane RamaningSun lan ing ngarepe para malaekate.

6. Sing sapa duwe kuping, ngrungokna apa kang dadi pangandikane Sang Roh marang pasamuwan-pasamuwan.”

7. “Lan sira nulisa marang malaekate pasamuwan ing Filadhelfia: Iki pangandikane Sang Suci, Sang Sajati, kang ngasta kuncine Dawud; samangsa Panjenengane ngengakake, ora ana kang bisa nutup, samangsa Panjenengane nutup, ora ana kang bisa ngengakake.

8. Ingsun ngudaneni sakehing panggawenira. Sira wus Sunwengani lawang kang ora bisa kainebake dening wong. Ingsun mirsa manawa kakuwatanira ora sapiraa, nanging sira netepi pangandikaningSun sarta ora nyelaki asmaningSun.

9. Wruhanira, wong sawatara panunggalaning paguyubane Iblis, yaiku kang padha ngaku-aku Yahudi, mangka sajatine dudu, nanging goroh, iku bakal Sunpasrahake marang sira. Sanyatane wong iku bakal Suntekakake, supaya padha sumungkem ana ing ngarepe sikilira sarta padha ngakoni, yen Ingsun ngasihi sira.

10. Sarehne sira wus netepi marang pangandikaningSun, supaya kalawan sabar mantep nganti-anti marang Ingsun, mulane Ingsun iya bakal ngreksa sira ing dina pacoban kang bakal nekani ing sajagad kabeh kanggo ndadar wong kang padha manggon ing bumi.

11. Ingsun bakal dumrojog rawuh. Apa kang sira duweni iku kukuhana, supaya aja ana wong kang ngepek makuthanira.

12. Sing sapa unggul, iku bakal Sundadekake saka-guru ana ing Padaleman Sucining AllahingSun, lan ora bakal metu maneh saka kono; karodene bakal Suntulisi asmane AllahingSun, araning kuthaning AllahingSun, yaiku Yerusalem anyar, kang tumurun saka ing swarga saka AllahingSun, sarta asmaningSun kang anyar.

13. Sapa kang duwe kuping, ngrungokna apa kang dadi pangandikane Sang Roh marang pasamuwan-pasamuwan.”

maca bab lengkap Wahyu 3