Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wahyu 22:6-18 Kitab Sutji (JAV)

6. Aku tumuli dipangandikani mangkene: “Pangandika iku mau patitis lan nyata, sarta Pangeran, Allah kang paring roh marang para nabi, wus ngutus malaekate supaya nuduhake marang para abdine apa kang pinesthi enggal kalakon.”

7. “Lah Ingsun bakal enggal rawuh. Rahayu wong kang netepi ing pangandika wedharing wangsite kitab iki!”

8. Anadene aku, Yokanan, kang wus ndeleng lan krungu prakara iku mau kabeh. Lan sawuse krungu lan ndeleng, aku tumuli sumungkem ing sampeyane malaekat, kang wus nedahake iku mau kabeh marang aku, arep sujud.

9. Nanging dhawuhe marang aku: “Aja mangkono! Awit aku iki dadi kancamu abdi, padha kaya kowe lan sadulur-sadulurmu, para abdi, lan para kang netepi pangandikane kitab ini. Sujuda marang Gusti Allah!”

10. Tumuli pangandikane maneh marang aku: “Pangandika wedharing wangsite kitab iki aja sira segel, awit wektune wus cedhak.

11. Sing sapa gawe duraka, terusa gawe duraka, sing sapa jember, terusa njemberake awak; lan sing sapa laku bener, terusa laku bener; sing sapa suci, cikben terus nucekake awake!”

12. “Lah Ingsun bakal enggal rawuh, sarta ngasta ganjaraningSun, kagawe males marang sawiji-wijining wong miturut sapanggawene.

13. Ingsun iki Sang Alfa lan Sang Omega, Kang Murwani lan Kang Mungkasi, Kang Wiwitan lan Kang Wekasan.

14. Rahayu wong kang padha ngumbah sandhangane. Iku kang bakal padha duwe wewenang tumrap wit-wit panguripan, lan lumebu ing kutha, liwat ing gapura-gapurane.

15. Nanging asu lan juru tenung, tuwin wong-wong kang laku jina, wong gawe pati, lan kang nyembah brahala, sarta sok wonga kang dhemen lan nglakoni para-cidra, iku ana ing sajabaning kutha.

16. Ingsun, Yesus, wus ngutus malaekatingSun supaya aweh paseksen tumrap prakara iku mau kabeh marang sira kanggo pasamuwan-pasamuwan. Ingsun iki sogol, yaiku trahe Dawud, lintang panjer esuk kang mancorong.”

17. Apadene Sang Roh lan panganten putri padha nyebut: “Paduka mugi rawuh!” Lan sapa kang krungu, iku munjuka: “Paduka mugi rawuh!” Lan sapa kang ngelak, majua lan sapa kang arep, njupuka banyu panguripan kalawan lelahanan.

18. Aku pratela marang saben wong kang ngrungokake ing pangandika wedharing wangsite kitab iki: “Manawa ana wong kang muwuhi apa-apa ing pangandika iki, Gusti Allah mesthi bakal muwuhi wewelak marang dheweke padha kaya kang katulisan ing kitab iki.

maca bab lengkap Wahyu 22