Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wahyu 22:12-21 Kitab Sutji (JAV)

12. “Lah Ingsun bakal enggal rawuh, sarta ngasta ganjaraningSun, kagawe males marang sawiji-wijining wong miturut sapanggawene.

13. Ingsun iki Sang Alfa lan Sang Omega, Kang Murwani lan Kang Mungkasi, Kang Wiwitan lan Kang Wekasan.

14. Rahayu wong kang padha ngumbah sandhangane. Iku kang bakal padha duwe wewenang tumrap wit-wit panguripan, lan lumebu ing kutha, liwat ing gapura-gapurane.

15. Nanging asu lan juru tenung, tuwin wong-wong kang laku jina, wong gawe pati, lan kang nyembah brahala, sarta sok wonga kang dhemen lan nglakoni para-cidra, iku ana ing sajabaning kutha.

16. Ingsun, Yesus, wus ngutus malaekatingSun supaya aweh paseksen tumrap prakara iku mau kabeh marang sira kanggo pasamuwan-pasamuwan. Ingsun iki sogol, yaiku trahe Dawud, lintang panjer esuk kang mancorong.”

17. Apadene Sang Roh lan panganten putri padha nyebut: “Paduka mugi rawuh!” Lan sapa kang krungu, iku munjuka: “Paduka mugi rawuh!” Lan sapa kang ngelak, majua lan sapa kang arep, njupuka banyu panguripan kalawan lelahanan.

18. Aku pratela marang saben wong kang ngrungokake ing pangandika wedharing wangsite kitab iki: “Manawa ana wong kang muwuhi apa-apa ing pangandika iki, Gusti Allah mesthi bakal muwuhi wewelak marang dheweke padha kaya kang katulisan ing kitab iki.

19. Lan manawa ana wong kang ngurangi ing pangandikane kitab wedharing wangsit iki, Gusti Allah bakal mundhut pandumane saka ing wit panguripan lan saka ing kutha suci, kaya kang katulisan ana ing kitab iki.”

20. Kang nglairake paseksen bab iki mau kabeh ngandika mangkene: “Iya, Ingsun enggal rawuh!” Amin, inggih Gusti Yesus, Paduka mugi rawuh!

21. Sih-rahmate Gusti kita Yesus Kristus nunggila ing kowe kabeh! Amin.

maca bab lengkap Wahyu 22