Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wahyu 22:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Aku tumuli dituduhi bengawan banyu panguripan, kang bening kaya kristal, kang mili metu saka ing dhampare Gusti Allah lan dhampare Sang Cempe.

2. Ing satengahe dalaning kutha iku, yaiku ing sakiwa-tengene bengawan, ana wit-wit panguripan kang metokake woh ping rolas, saben sasi sapisan; anadene godhonge wit-wit mau dianggo mulyakake para bangsa.

3. Sarta bakal ora ana laknat maneh. Dene dhampare Gusti Allah lan Sang Cempe bakal ana ing tengahe, lan para abdine bakal padha ngabekti marang Panjenengane,

4. lan bakal padha nyawang pasuryane lan bathuke bakal padha kacirenan Asmane.

5. Lan ing kono ora bakal ana wayah bengi maneh, sarta ora susah nganggo padhanging damar utawa srengenge, amarga Pangeran Allah kang bakal madhangi, sarta wong-wong mau bakal padha mrentah kaya ratu langgeng ing salawas-lawase.

maca bab lengkap Wahyu 22