Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wahyu 21:19-27 Kitab Sutji (JAV)

19. Tetalese baluwartining kutha padha rinengga ing sesotya adi mancawarna. Tetalese kang kapisan iku yaspis, kang kapindho nilam, kang katelu mirah, kang kapat jumerud,

20. kang kalima sardonik, kang kanem sardis, kang kapitu retna cempaka, kang kawolu beril, kang kasanga krisolit, kang kasepuluh krisopas, kang kasewelas lazuardi, lan kang karolas kecubung.

21. Gapurane rolas iku arupa mutyara rolas; siji-sijining gapura wujud mutyara siji, lan dalan-dalane nagara iku mas murni, kaya kaca kang bening.

22. Lan ana ing kono iku aku ora weruh Padaleman Suci; amarga Pangeran Allah, Gusti kang Mahakuwaos iku Padaleman Suci, mangkono uga Sang Cempe.

23. Sarta maneh kutha iku ora mbutuhake padhanging srengenge lan rembulan, amarga cahya kamulyane Gusti Allah kang madhangi lan Sang Cempe kang dadi damare.

24. Para bangsa bakal padha lumaku ana ing pepadhange sarta para ratu ing bumi padha ngasta kaluhurane mrono;

25. gapurane ora bakal kainebake ing wayah awan, awit ing kono bakal ora ana bengi maneh.

26. Karodene raja-penine lan kaluhurane para bangsa bakal kagawa lumebu mrono.

27. Nanging sabarang kang najis ora bakal bisa mlebu mrono, uga wong kang nglakoni kanisthan, tuwin para cidra; nanging mung wong-wong kang jenenge padha katulisan ing kitab kauripan kagungane Sang Cempe.

maca bab lengkap Wahyu 21