Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wahyu 20:6-15 Kitab Sutji (JAV)

6. Rahayu lan suci wong kang kaparingan panduman ing patangen kang kapisan iku. Wong iku padha ora kawasesa maneh dening pati kang kapindho, nanging bakal padha dadi imame Gusti Allah lan Sang Kristus, sarta bakal ndherek jumeneng ratu kalawan Panjenengane nganti sewu taun lawase.

7. Anadene sawuse genep sewu taun iku mau, Iblis tumuli bakal kaluwaran saka ing pakunjarane,

8. sarta bakal metu nasarake para bangsa kang ana ing pojoking bumi papat, yaiku Gog lan si Magog, pada diklumpukake kaajak perang, cacahe kaya wedhi ing sagara.

9. Tumuli padha nglurug mratani saindenging jagad, sarta ngepung pakuwone para wong suci lan kutha kang kinasih iku. Nanging banjur ana geni tumurun saka ing langit, mangsa wong-wong iku mau,

10. dene Iblis, kang nasarake wong-wong mau, tumuli kacemplungake ing sagara geni lan welirang, yaiku kang wus kaenggonan si kewan lan nabi palsu, lan iku bakal padha kasiksa rina-wengi langgeng ing salawas-lawase.

11. Aku banjur weruh dhampar gedhe putih lan Panjenengane, kang nglenggahi. Bumi lan langit padha sirna saka ing pangayunane lan wus ora ketemu maneh papane.

12. Aku tumuli weruh wong mati, gedhe cilik, padha ana ing ngarep dhampar, banjur ana kitab-kitab kang padha kabukak. Lan ana kitab liyane maneh kang kabukak, yaiku kitabing kauripan. Wong-wong mati mau tumuli padha diadili miturut panggawene adhedhasar apa kang katulis ing kitab-kitab mau.

13. Anadene sagara masrahake wong-wong mati kang ana ing jerone, lan iku diadili miturut sapanggawene dhewe-dhewe.

14. Sarta pati lan karajaning pati padha kacegurake ing sagara geni. Yaiku pati kang kapindho: sagara geni.

15. Dene saben wong kang jenenge ora katulis ana ing kitab kauripan iku, iku kacemplungake ing sagara geni.

maca bab lengkap Wahyu 20