Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wahyu 20:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Aku tumuli weruh ana malaekat tumedhak saka ing swarga ngasta kuncine jurang lan rante gedhe ing astane;

2. malaekat mau nyepeng si naga, si ula tuwa iku, yaiku si Iblis lan si Setan. Tumuli dirante sewu taun lawase,

3. banjur diuncalake menyang ing teleng, ditutup lan ing dhuwure disegel, supaya si Iblis lan si Setan iku aja nasarake para umat maneh sadurunge pundhat sewu taun mau; sawise mangkono bakal kauculake sawatara mangsa.

4. Aku banjur weruh dhampar-dhampar lan kang padha nglenggahi; sarta tumuli padha kaampilan pangadilan. Aku uga weruh nyawane wong-wong kang wus katigas gulune marga saka paseksene marang Gusti Yesus lan marga saka pangandikane Gusti Allah; kang ora padha sujud marang si kewan utawa marang recane, sarta ora nampani ciri ing bathuke lan ing tangane, iku kabeh padha urip maneh ing ndherek jumeneng ratu kalawan Sang Kristus lawase sewu taun.

5. Nanging wong-wong mati liyane iku ora padha urip maneh sadurunge pundhat sewu taun mau. Iya iku patangen kan kapisan.

6. Rahayu lan suci wong kang kaparingan panduman ing patangen kang kapisan iku. Wong iku padha ora kawasesa maneh dening pati kang kapindho, nanging bakal padha dadi imame Gusti Allah lan Sang Kristus, sarta bakal ndherek jumeneng ratu kalawan Panjenengane nganti sewu taun lawase.

7. Anadene sawuse genep sewu taun iku mau, Iblis tumuli bakal kaluwaran saka ing pakunjarane,

8. sarta bakal metu nasarake para bangsa kang ana ing pojoking bumi papat, yaiku Gog lan si Magog, pada diklumpukake kaajak perang, cacahe kaya wedhi ing sagara.

9. Tumuli padha nglurug mratani saindenging jagad, sarta ngepung pakuwone para wong suci lan kutha kang kinasih iku. Nanging banjur ana geni tumurun saka ing langit, mangsa wong-wong iku mau,

maca bab lengkap Wahyu 20