Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wahyu 19:6-10 Kitab Sutji (JAV)

6. Aku banjur krungu kaya swarane wong golongan gedhe, kaya gumrojoging banyu akeh lan kaya swarane gludhug kang banter, tembunge:“Haleluya!Dene Pangeran, Allah kita, Kang Mahakuwaos, wus jumeneng raja.

7. Payo kita padha sumyak-sumyak asukarena,lan ngluhurake Panjenengane!Amarga wis tekan ing dina pikramane Sang Cempe,lan panganten putri wis rumantos.

8. Sarta pangantene putri kaparingan pangageman mori alus kang putih resik gumilap!”(Anadene mungguh mori alus iku ngibarati kautamane para suci).

9. Aku tumuli dipangandikani mangkene: “Nulisa: Rahayu para kang tinimbalan marang bujana pikramane Sang Cempe.” Sarta aku dipangandikani maneh: “Iki sabdane Gusti Allah kang satuhu.”

10. Aku banjur nyungkemi sampeyane kang ngandika mau arep sujud, nanging tumuli dipangandikani: “Aja mangkono! Aku iki padha kaya kowe lan para sadulurmu, kang nduweni paseksene Gusti Yesus. Sujuda marang Gusti Allah! Awit mungguh paseksene Gusti Yesus iku rohing pamedhar wangsit.”

maca bab lengkap Wahyu 19