Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wahyu 19:13-21 Kitab Sutji (JAV)

13. Pangagemane rasukan jubah kang wus kacelup ing getih, sarta asmane kasebut: “Sabdaning Allah.”

14. Anadene wadya-bala ing swarga padha ndherekake tindake; lan padha nunggang jaran putih sarta manganggo mori alus kang putih resik.

15. Ing tutuke metu pedhange kang landhep, kang bakal disabetake marang sakehing bangsa. Dene Panjenengane kang bakal ngengen kalawan lantaran wesi lan bakal meres anggur ana ing pamipitan anggur yaiku bebenduning dukane Gusti Allah, Kang Mahakuwaos.

16. Anadene jubahe, lan wentise tinulisan asma: “Ratune para ratu lan Gustine para gusti.”

17. Aku tumuli weruh malaekat jumeneng ana ing srengenge, sarta nguwuh kalawan swara sora marang sakehe manuk kang mabur ana ing awang-awang, dhawuhe: “Mrenea, padha nglumpuka ing bujanane Gusti Allah, bujana kang gedhe,

18. padha mangana daginge para ratu, lan daginge para tetindhihing perang sarta daginge para pahlawan, apadene daginge jaran lan kang padha nunggangi sarta daginge sarupaning wong, kang mardika lan batur tukon, wong cilik lan wong gedhe.”

19. Aku tumuli weruh si kewan iku lan para ratu ing bumi sabalane padha nglumpuk nglawan perang marang Kang Nitih turangga lan sabalane mau.

20. Si kewan tumuli kacekel, dalah kang ngaku-aku nabi, kang wus nindakake mukjijat ana ing ngarepe, kagawe srana nasarake wong kang wus padha nampani cirine si kewan lan padha sujud marang recane. Sakarone padha kacemplungake ing sagara geni kang murub nganggo welirang urip-uripan.

21. Dene liyane padha kapatenan dening Kang Nitih turangga sarana pedhang, kang metu saka ing tutuke; sakehe manuk padha wareg anggone mangani daginge.

maca bab lengkap Wahyu 19