Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wahyu 18:20-24 Kitab Sutji (JAV)

20. Padha bungaha marga saka iku, he swarga,lan para suci, para rasul sarta para nabi,sabab Gusti Allah wus ndhawahi paukuman marang kutha iku marga saka kowe kabeh.”

21. Tumuli ana malaekat kang prakosa, ngangkat watu kang gedhene sawatu panggilingan, banjur kajegurake ing sagara, pangandikane:“Iya kaya mangkono iku kutha gedhe Babil,bakal kauncalake mangisor sarosane,lan banjur ora bakal ketemu maneh.

22. Sarta swarane para panylempung sarta para pasindhen,tuwin para panyuling apadene panylompret,ora bakal keprungu maneh ana ing kowe,lan wus ora bakal ana wong kang olah sadhengahakagunan kang tinemu ana ing kowe,sarta swarane panggilingan ora bakal keprungu maneh ana ing kowe.

23. Padhanging damar ora bakal madhangi kowe maneh, lan swarane penganten lanang wadon ora bakal keprungu maneh ana ing kowe.Awit sudagar-sudagarmu iku maune padha dadi panggedhene bumi, marga saka sakehe bangsa wus padha kasasarake srana panenunganmu.”

24. Sarta ing kutha iku tinemu getihe para nabi lan para suci, apadene getihe sakehe wong kang padha kapatenan ana ing bumi.

maca bab lengkap Wahyu 18