Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wahyu 18:17-22 Kitab Sutji (JAV)

17. Karodene sakehing jurumudhi lan para kang lelayaran, tuwin para mantrus lan sakehe wong kang panguripane ana ing sagara, padha ngedoh,

18. lan padha weruh pegane geni kang ngobong, banjur nguwuh-uwuh, pangucape: “Endi kutha kang madhani kutha gedhe iki?”

19. Banjur padha nguwur-uwuri lebu ing sirahe, sarta nguwuh-uwuh kalawan nangis lan sesambat pangucape:“Cilaka, cilaka kutha gedhe,kang raja-penine dadi marganing kasugihane sakehe wong kang duwe prau ana ing sagara,awi wis rusak sajrone sajam bae.

20. Padha bungaha marga saka iku, he swarga,lan para suci, para rasul sarta para nabi,sabab Gusti Allah wus ndhawahi paukuman marang kutha iku marga saka kowe kabeh.”

21. Tumuli ana malaekat kang prakosa, ngangkat watu kang gedhene sawatu panggilingan, banjur kajegurake ing sagara, pangandikane:“Iya kaya mangkono iku kutha gedhe Babil,bakal kauncalake mangisor sarosane,lan banjur ora bakal ketemu maneh.

22. Sarta swarane para panylempung sarta para pasindhen,tuwin para panyuling apadene panylompret,ora bakal keprungu maneh ana ing kowe,lan wus ora bakal ana wong kang olah sadhengahakagunan kang tinemu ana ing kowe,sarta swarane panggilingan ora bakal keprungu maneh ana ing kowe.

maca bab lengkap Wahyu 18