Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wahyu 18:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Sawuse mangkono, aku weruh malaekat liyane tumedhak saka ing swarga. Malaekat mau kagungan panguwasa gedhe sarta bumi dadi padhang marga saka kamulyane.

2. Malaekat mau nguwuh-uwuh kalawan swara seru:“Wus rubuh, wus rubuh Babil, kutha gedhe iku.Lan wus dadi dhangkane para roh reged lan papan pandhelikane para roh najis,tuwin sarupaning manuk kang najis lan kang sinengitan,

3. awit sakehe para bangsa wus padha ngombe anggur hawa-nepsune kang saru, sarta para raja ing bumi padha laku jina karo dheweke,tuwin para sudagar ing bumi wus padha dadi sugih marga saka hawa-nepsune.”

4. Aku tumuli krungu swara liyane, saka ing swarga, kang ngandika:“He, umatingSun, padha sumingkira saka ing antarane,supaya sira aja nganti kalepetan ing dosane,lan aja nganti melu kena ing wewelake.

5. Amarga dosane wus ngundhung-undhung kongsi sundhul ing langit, lan Gusti Allah wus ngengeti ing sakehe pialane.

6. Walesen kaya kang dadi pamalese marang sira,lan tikelana loro saka panggawene,tuwunge kang kanggo nyampur iku isenana tikel loro;

7. patrapana panyiksa lan kaprihatinan,kayadene anggone wus ngrasakake kaluhuran lan kamukten.Sabab osiking atine mangkene:Aku lungguh ing dhampar kaya ratu,aku dudu randha,lan aku ora bakal tau prihatin.

maca bab lengkap Wahyu 18