Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wahyu 16:1-14 Kitab Sutji (JAV)

1. Aku tumuli krungu swara seru saka ing Padaleman Suci dhawuh marang malaekat pitu mau mangkene: “Padha lungaa, bokor pitu kang isi bebenduning Allah iku padha suntakana ing bumi.”

2. Malaekat kang kapisan banjur tindak lan nyuntak bokore menyang ing bumi; wong kang kanggonan cirine si kewan lan kang sujud marang recane tumuli padha kena ing memala wudun kang ampuh lan mbebayani.

3. Malaekat kang kapindho nyuntak bokore menyang ing sagara; banyune tumuli dadi getih, kaya getihe wong mati, temahan isining sagara kang mawa nyawa padha mati kabeh.

4. Malaekat kang katelu nyuntak bokore menyang ing kali-kali lan tuking banyu, temahan banyune dadi getih.

5. Aku banjur krungu malaekat kang nguwaosi banyu iku munjuk:“Paduka punika adil, Paduka ingkang wonten sarta ingkang kala rumiyin sampun wonten, Paduka ingkang suci, ingkang sampun ndhawahi paukuman punika.

6. Amargi tiyang punika sampun sami ngwutahaken rahipun para suci lan para nabi, Paduka inggih sampun ngombeni rah tiyang-tiyang punika; makaten punika sampun samesthinipun tumrap tiyang-tiyang punika!”

7. Apadene aku krungu misbyah ngucap mangkene:“Dhuh Pangeran, Allah, Ingkang Mahakuwaos,leres lan adil sadaya pangadilan Paduka punika.”

8. Malaekat kang kapat nyuntak bokore menyang ing srengenge, lan iku tumuli kaparingan panguwasa mbrangas wong kalawan geni.

9. Temahan wong padha kagosongake dening panasing geni kang banter, banjur padha nyenyamah marang asmaning Allah, kang nguwaosi wewelak-wewelak mau, sarta ora mratobat ngluhurake marang Gusti Allah.

10. Malaekat kang kalima nyuntak bokore menyang ing dhampare si kewan temahan kaprabone iku dadi peteng, sarta wong-wong padha nggigiti ilate dhewe marga saka kelaran,

11. lan banjur padha nyenyamah marang asmane Allah ing swarga marga saka kelaran lan marga saka wudune, nanging padha ora mratobat mareni pratingkahe.

12. Malaekat kang kanem nyuntak bokore menyang ing bengawan Efrat, banjur tumuli asat, temah wus cumawis dalane para ratu kang rawuh saka ing bang wetan.

13. Aku banjur weruh saka ing cangkeme si naga lan ing cangkeme si kewan tuwin ing cangkeme kang ngaku-aku nabi iku ana roh reged telu padha metu kaya kodhok.

14. Yaiku roh-roh setan kang nganakake mukjijat-mukjijat, kang padha lunga nggoleki ratu-ratu saindenging jagad, padha diklumpukake diajak perang ing dina kang wingit, yaiku dinane Gusti Allah kang Mahakuwaos.

maca bab lengkap Wahyu 16