Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wahyu 14:8-20 Kitab Sutji (JAV)

8. Banjur ana malaekat liyane maneh, malaekat kapindho, nusul, ngandika: “Wus rubuh, wus rubuh Babil, kutha kang gedhe iku, kang wus ngendemi sakehe para bangsa kalawan angguring hawa-nepsu laku jina.”

9. Tumuli ana malaekat liya, kang katelune nusul, pangandikane kanthi swara sora: “Manawa ana wong kang sujud marang si kewan lan marang recane iku, tuwin nampani ciri ana ing bathuke utawa ing tangane,

10. iku bakal ngombe anggur bebendune Gusti Allah, kang wus kasadhiyakake tanpa campuran ana ing tuwunging dukane; sarta bakal kasiksa kalawan geni lan walirang ana ing ngarepe para malaekat suci lan ing ngarsane Sang Cempe.

11. Anadene pegane geni pasiksan iku kumelun ing salawas-lawase, lan panyiksane tanpa leren rina-wengi, yaiku kang padha sujud marang si kewan lan marang recane iku, mangkono uga sapa kang nampani cirining jenenge.”

12. Kang prelu ing kene yaiku sabar mantepe para suci, kang padha ngantepi pepakoning Allah lan pracaya marang Gusti Yesus.

13. Aku tumuli krungu swara saka ing swarga kang ngandika: “Tulisen: Rahayu para wong kang mati lan matine ana ing patunggilane Gusti, wiwit ing samengko.” “Sanyata,” pangandikane Sang Roh, “supaya padha aso saka ing rekasane, awit sakehing panggawene padha mbarengi lakune.”

14. Aku banjur weruh: lah, ana mega putih, lan ing mega mau ana kang lenggah kaya Putrane Manungsa, mustakane ngagem makutha mas lan astane ngasta arit kang landhep.

15. Tumuli ana malaekat liyane medal saka ing Padaleman Suci; sarta munjuk kalawan swara seru marang Panjenengane kang lenggah ing mega mau: “Gusti mugi nglampahaken arit Paduka sarta mugi kaenenana, amargi sampun dumugi mangsanipun ngeneni; ujer panenan ing bumi sampun sepuh.”

16. Panjenengane kang lenggah ing mega mau banjur nguncalake arite menyang ing bumi, sarta bumi tumuli kaenenan.

17. Tumuli ana malaekat liyane medal saka ing Padaleman Suci kang ana ing swarga; iku uga nyepeng arit landhep.

18. Lan ana malaekat liyane maneh medal saka ing misbyah kang nguwaosi geni; iku banjur nguwuh kalawan swara seru marang malaekat kang ngasta arit landhep mau: “Aritmu kang landhep iku lakokna, lan dhompolan wohe wit anggur ing bumi undhuhana, awit wohe wis padha mateng.”

19. Malaekat mau tumuli nguncalake arite menyang ing bumi, sarta ngundhuhi wohe wit anggur ing bumi lan diuncalake ing kulah pamipitan gedhe, yaiku bebendune Allah.

20. Lan wohe wit anggur mau tumuli dipipit ana ing sajabaning kutha, lan saka ing pamipitan iku ana getih mili, kang jerone nganti tutug ing kendhalining jaran, lan dohe rong atus mil.

maca bab lengkap Wahyu 14