Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wahyu 14:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Aku tumuli weruh: lah Sang Cempe jumeneng ana ing gunung Sion, kaayap dening wong satus patang puluh papat ewu, kang padha kacirenan asmane piyambak lan asmane Kang Rama ana ing bathuke.

2. Aku banjur krungu swara saka ing langit kaya gumrojoging banyu akeh lan kaya gumlegere gludhug kang nggegirisi. Lan swara kang dakrungu iku kaya swarane panylempung-panylempung kang padha ngunekake clempunge.

3. Iku padha ngidungake kidung anyar ana ing ngarepe dhampar lan ing ngareping makluk papat tuwin para pinituwa iku, lan ora ana wong kang bisa nyinau kidung iku, kajaba mung wong satus patang puluh papat ewu kang wus padha katebus saka ing bumi iku.

4. Yaiku wong kang ora padha njemberake awake karo wong wadon, amarga padha murni kaya prawan. Iku kang padha ndherekake Sang Cempe ing satindak-tindake. Yaiku kang padha katebus saka ing antarane manungsa minangka kurban wiwitan sumaos marang Gusti Allah lan marang Sang Cempe.

5. Lan ing cangkeme ora tinemu kang cidra; wong iku padha tanpa cacad.

6. Lan aku tumuli weruh malaekat liyane mabur ing awang-awang ngasta Injil kang langgeng diwartakake marang wong kang padha manggon ana ing bumi lan marang sadhengah bangsa lan taler tuwin basa sarta golongan,

maca bab lengkap Wahyu 14