Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wahyu 12:7-18 Kitab Sutji (JAV)

7. Ing swarga tumuli ana paperangan. Sang Mikhael lan para malaekate padha perang nglawan naga mau, sarta si naga iku kabantu dening para malaekate,

8. nanging padha ora kuwat nanggulangi; temah padha ora oleh papan maneh ana ing swarga.

9. Si naga gedhe banjur diuncalake mangisor, si ula kuna, kang kaaranan Iblis lan Setan, kang nasarake saisining jagad, iku kauncalake menyang ing bumi, dalah para malaekate.

10. Nuli aku krungu swara kang banter ana ing swarga, mangkene:“Samengko karahayon lan panguwasa tuwin paprentahaning Allah kita,lan panguwasane Sang Jebadane, wus kababar, marga si panggugat, kang rina-wengi nggugat para sadulur kita ana ing ngarsaning Allah kita, iku wus kauncalake mangisor.

11. Lan anggone padha ngalahake srana rahe Sang Cempe, lan srana tembunge paseksene.Sabab padha ora ngeman marang nyawane dhewe nganti tumeka ing pati.

12. Mulane padha sukarenaa,he, swarga lan he, sira kabeh kang padha ngenggoni,bilai kowe, he, bumi lan sagara!marga Iblis wus ngudhuni sira, kalawan nepsu banget,marga weruh, yen wektune mung kari sathithik.”

13. Anadene bareng si naga eling, yen wus kauncalake menyang ing bumi banjur ngoyak sang wanita kang wus mbabar Putra kakung mau.

14. Sang wanita tumuli kaparingan suwiwi garudha gedhe sapasang, supaya mabur menyang ing panggonane, iya iku ing pasamunan, ana ing kono wanita iku diopeni, adoh saka papane si ula, lawase samangsa lan rong mangsa tuwin satengah mangsa.

15. Si ula banjur nyemburake banyu kaya kali saka ing cangkeme, disusulake marang wanita mau, supaya kelia ing kali kono.

16. Nanging sang wanita ditulungi dening bumi. Bumi iku ngangapake cangkeme, lan nguntal kali kang disemburake dening cangkeme naga mau.

17. Si naga tumuli nepsu banget marang sang wanita, banjur lunga merangi turune liyane, kang padha netepi pepakoning Allah lan ngantepi ing paseksene Gusti Yesus,

18. lan banjur manggon ana ing pinggir sagara.

maca bab lengkap Wahyu 12