Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wahyu 12:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing langit tumuli katon tengeran gedhe: Ana wanita kang sinandhangan srengenge, lan rembulan ana ing sangisore tlapakane sarta nganggo makuthane lintang rolas ana ing sirahe.

2. Wanita mau lagi ngandheg sarta sajrone sesambat nglarani arep nglairake iku njerit marga kelaran.

3. Lan ing langit katon ana tengeran liyane: Lah ana naga gedhe abang mbranang, endhase pitu, lan ana sungune sapuluh, sarta ing endhase ana jamange pitu.

4. Pethite nyered sapratelone lintang-lintang ing langit, banjur ditibakake marang bumi.Naga mau mapan ana ing ngarepe wanita kang arep nglairake iku, sedyane arep nguntal Putrane sang wanita, samangsa miyos.

5. Sang wanita mau banjur mbabar Putra kakung, kang bakal ngengen para bangsa kalawan lantaran wesi; dumadakan Sang Putra mau karebut lan diplayokake menyang ing ngarsaning Allah lan ing dhampare.

maca bab lengkap Wahyu 12