Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wahyu 11:7-19 Kitab Sutji (JAV)

7. Anadene samangsa wus rampung anggone padha nglairake paseksene, tumuli kewan kang muncul saka ing teleng bakal nempuh perang marang seksi-seksi mau, sarta bakal padha dikalahake lan dipateni.

8. Layone bakal gilang-gilang ana ing lurunging kutha gedhe, kang cara kasukman kaaranan Sodom lan Mesir, iya ing panggonane Gustine kasalib.

9. Karodene panunggalane para bangsa lan taler tuwin basa sarta golongan, padha nonton layone lawase telu satengah dina lan wong-wong iku ora nglilani layone dikubur.

10. Wong-wong kang manggon ing bumi padha bungah awit saka kang mati iku lan padha pista apadene padha kirim-kiriman bebungah, marga nabi loro mau padha nyiksa kabeh wong kang manggon ana ing bumi.

11. Sawuse telu satengah dina tumuli rohing kauripan saka ing Allah nganjingi layon-layon mau, temahan kang mati banjur padha tangi, agawe banget girise wong kang padha weruh.

12. Wong-wong mau tumuli padha krungu swara seru saka ing swarga mangandikani: “Padha munggaha mrene!” Banjur padha munggah menyang ing langit, katutupan mega, kadeleng dening para satrune.

13. Ing nalika iku ana lindhu kang luwih dening gedhe lan saprasapuluhe kutha iku jugrug, lan wong pitung ewu padha mati dening lindhu iku; lan wong-wong liyane padha giris banget, banjur padha ngluhurake Gusti Allah ing swarga.

14. Wewelak kang kapindho wus liwat; lah, wewelak kang katelune tumuli teka.

15. Bareng malaekat kang kapitu ngungelake kalasangkane, tumuli ing swarga keprungu swara banter padha muni mangkene:“Paprentahan ing donya iku kaasta dening Pangeran kita lan Sang Jebadane, sarta Panjenengane bakal jumeneng Ratu langgeng salawas-lawase.”

16. Para pinituwa patlikur, kang padha lungguh ing dhampar ana ing ngarsaning Allah banjur padha sumungkem sujud marang Gusti Allah,

17. unjuke,“Dhuh Pangeran, Gusti Allah ingkang Mahakuwaos, ingkang wonten, saha ingkang kala rumiyin wonten,kawula sami saos sokur dhumateng Paduka,amargi Paduka sampun ngagem panguwaos Paduka ingkang agung saha sampun wiwit ngasta kaprabon.

18. Para bangsa sampun sami nepsu, nanging bebendu Paduka sampun katingal sarta sampun dumugi wekdalipun para tiyang pejah dipun adili tuwin paring ganjaran dhateng para abdi Paduka,para nabi kaliyan para suci saha para ingkang ajrih-asih dhumateng asma Paduka,dhateng tiyang-tiyang alit kaliyan tiyang-tiyang ageng amargi Paduka sampun ngagem panguwaos Paduka ingkang agung lan Paduka badhe nglebur para ingkang sami ngrisak bumi.”

19. Sabanjure Padalemane Suci Gusti Allah kang ana ing swarga kawengakake lan pethi prajanjiane katon ana ing Padaleman Suci iku, banjur ana kilat lan swara gumlegering gludhug apadene lindhu lan udan es kang luwih dening deres.

maca bab lengkap Wahyu 11