Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wahyu 10:6-11 Kitab Sutji (JAV)

6. sarta banjur supaos demi Panjenengane kang gesang langgeng salawas-lawase, kang wus nitahake langit saisine, lan bumi saisine, tuwin sagara saisine: “Ora bakal kaundur maneh!

7. Nanging samangsa unine kalasangkane malaekat kang kapitu keprungu, yaiku manawa malaekat iku ngungelake kalasangkane, bakal kayektenan kekeraning Allah, kaya kang wis kawartosake marang para abdine, yaiku para nabi.”

8. Swara kang wus dakrungu saka ing langit mau, tumuli ngandika maneh marang aku mangkene: “Majua, kitab wudharan kang ana ing tangane malaekat, kang ngadeg ana ing sagara lan ing dharatan iku tampanana.”

9. Aku banjur marani malaekat mau sarta nyuwun, supaya gulungan kitab iku kaparingna marang aku. Dhawuhe marang aku: “Tampanana, lan panganen; iki bakal marakake wetengmu pait, nanging ana ing cangkemmu rasane legi kaya madu.”

10. Aku tumuli nampani kitabe saka ing astane malaekat mau, banjur dakpangan: ana ing cangkemku rasane legi kaya madu, nanging sawuse dakpangan, wetengku krasa pait.

11. Tumuli aku dipangandikani mangkene: “Kowe kudu medhar wangsit maneh marang para bangsa lan umat tuwin basa sarta para ratu.”

maca bab lengkap Wahyu 10