Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Titus 3:6-15 Kitab Sutji (JAV)

6. kang wus kaesokake marang kita dening Gusti Yesus Kristus, Pamarta kita,

7. supaya kita, kang wus kabenerake dening sih-rahmate, padha wenang nampani urip langgeng, kayadene kang dadi pangarep-arep kita.

8. Iki tembung kang satuhu lan karepku kowe supaya yakin ngungkuli bab iku, amrih wong-wong kang wis padha pracaya marang Gusti Allah padha ngudi kanthi temen-temen nglakoni panggawe becik. Yaiku kang prayoga lan migunani tumrap manungsa.

9. Nanging mungguh bebantahan kang ora urus, prakara sarasilah, apadene parapadu lan regejegan bab angger-anggering Toret, iku singkirana awit iku kabeh ora ana gunane sarta tanpa paedah.

10. Wong kang nasar pracayane, kang wus kokpituturi kaping sapisan utawa kaping pindho, iku dohana.

11. Kowe mangreti, yen wong kang kaya mangkono iku nasar temenan lan ngukum awake dhewe kalawan dosane iku.

12. Besuk samasa Artemas utawa Tikhikus wus dakkongkon nemoni kowe, kowe enggal mrelokna nekani aku ana ing kutha Nikopolis, awit niyatku arep ngaso ana ing kono sasuwene mangsa bedhidhing iki.

13. Zenas ahli Toret kae lan Apolos padha tulungana lakune kang gumati, supaya aja nganti kekurangan sawiji apa.

14. Sarta wong-wong kita cikben iya padha nggegulang nglakoni panggawe becik, supaya bisa nyukupi kabutuhaning urip kang baku, amrih uripe aja nganti tanpa guna.

15. Kabeh kang melu aku padha kirim salam. Salam pandongaku marang para kang padha tresna marang aku kabeh ing sajroning pracaya. Sih-rahmat anaa ing kowe kabeh.

maca bab lengkap Titus 3